RESENSI
NOVEL “KADURAKAN ING KIDUL DRINGU”
Disusun
guna memenuhi tugas akhir mata kuliah Menulis Kreatif
Dosen
pengampu :
Prembayun
Miji Lestari, S.S, M.Hum
oleh
Dani
Prihastuti
2601413011
Rombel
1
JURUSAN
BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2014
Resensi Novel “ Kadurakan ing Kidul Dringu”
I.
Identitas Buku :
a) Penulis
: Suparto Brata
b) Penerbit
: Narasi
c) Tahun Terbit :
2012
d) Tempat
Terbit : Yogyakarta
e) Tebal Buku :
192 hal
f) ISBN
: 979-168-305-0
g) Panjang
Buku : 14x20 cm
h) Jenis
Kertas : HVS
II.
Sinopsis Novel
Desa
dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange
dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah
jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten
saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun
mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik
gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados
Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking
Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda
Mbakyu Pandam mboten
kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu
jenenge Tambur.
Dina iku tanggal 21
Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran
mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami
bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi
tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang
ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam
mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati
tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu
ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah
mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba
ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka
kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda
ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.
Wimbadi saiki wonten
ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan
pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk
, Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna
kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten
nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan
supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem
pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.
Kahananipun kutha
Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi mboten amung
ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken serangan
bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi
Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan,
Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk
kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk
ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten
ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut
supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan
inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten
tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke
lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi
ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir.
Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak
saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala
ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan
Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken
kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.
III.
Unsur Intrinsik Novel
1.
Tema
: Perjuangan
2.
Latar
Belakang : Nalika
semanten bangsa Indonesia pitados dening janji-janjinipun Walanda babagan
perjanjian Linggarjati. Wonten mupakatan menika Walanda wani nerak. Dados
kawontenan peperangan menika. Probolinggo dibumihangusaken lajeng para
pemudha-pemudha ing kidul Dringu nyoba nyerang Walanda. Sabab sedaya kersa
kemerdekaan menika inggih kemerdekaan ingkang rakyatipun tentrem raharja
3.
Waktu
: 1.Saderengipun
perang kamerdekaan
(Perjanjian
Linggarjati)
2.Sesampunipun perang
kemerdekaan.
3. Enjang
4. Sonten
5. Ndalu
4. Tempat : 1.
Dusun Kidul Dringu
2. Dusun Dringu
3. Kutha Sala
5. Suasana : 1. Tegang
2. Seneng
3. Duka
4. Nelangsa
5. Hening
6. Sepi
6. Alur : Campuran
7. Penokohan : 1.Wimbadi : Ajrih,remen nulung, wicaksana,
2. Mas Pandam :
Kendhel, eman, tegas, wicaksana
3. Mbakyu Pandam: eman marang adi , pekerja keras
4. Kingkinarti : eman, penyayang, preduli
kalih tiyang,isinan.
5. Dul Genuk : eman, cerewet,
6. Dulmanan : eman, preduli kanca, tiyang
introvert
7. Martimbang lan
Martimbul: eman, boten preduli
8. Dasiyun : boten saged nrima kahahan, ngajeni
9. Basuki : remen ngehasut tiyang
10.
Mas Adi Waluya : egois, wicaksana, jiwa pemimpin
11.
Ananta: eman, nrima kahanan
12.
Kusman: ajrih, eman
13.
Narwata: eman, pasrahan
14.
Pak Guru Bakir: Wicaksana,
santun,
15.Naraindras
: kemayu, manja, gampang nesu
16.
Lilik Handayani : pengerten, apikan, tiyang sae
8. Gaya Bahasa : Wonten
novel menika kirang langkungipun ngangge bahasa ingkang kias. Dialek Surabaya.
9.
Sudut Pandang : Tiyang 1 pelaku utama
10. Amanat : Kita
boten pareng ajrih lawan para penjajah, menika samoun dados kewajiban para WNI
ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. Kita ugi ampun amung
ratapi nasib ingkang saweg dipun adepi ananging kedah usaha supados saged urip
raharja mulya lan bahagiya.
IV.
Kelebihan Novel
Novel
menikah inggih sae sanget, amargi isinipun novel menika babagan perjuangan
nglawan para Walanda. Novel menika ugi ngawontenaken romansa-romansa katresnan
tiyang ingkang setia, nrima pasanganipun punapa wontene. Novel menika paring
tuladha ingkang sae. Ciri khas karya Suprapto Broto menika inggih ketingal
sanget.
V.
Kekurangan Novel
Novel
menika ngangge dialek Surabaya, dados mboten sedaya tiyang mangertosi.
Kedahipun ngaggem bahasa ingkang dipun mangertosi sedaya. Boten kekathahen
kiasan. Novel menika sethithik damel bosen ingkang maos. Cariyos ipun panjang
lebar, kadang boten cetha.
VI.
Saran terhadap novel
Variasi
cariyos wonten novel menika kedah dipun kathah. Novel menika sampun sae
nanging, para tiyang ingkang maos bosen. Ananging isi novel menika inggih sae
sanget pesan moral wonten novel sampun dipun saged pundhut secara tersirat.
Novel ingkang mekaten inggih novel ingkang dibetahaken dening remaja saniki.
Novel novel jawa kados puniki inggih dipun padosi inggih angel , boten setiap
took buku wonten, kedah wonten agen-agen ingkang nyaluraken novel-novel menika
wonten toko-toko buku ageng. Variasi cariyos kedah langkung kreatif.
halo mas e
BalasHapusKesini karena tugas b jawa🙏
BalasHapusKesini karena tugas b jawa🙏
BalasHapusKetemu Kim seokjin, Kim seokjin juga belajar bahasa Jawa ya
HapusKetemu Kim seokjin, Kim seokjin juga ada tugas BHS Jawa ya
BalasHapusTerimakasih kak sukses dan sehat selalu
BalasHapuswong jawa tapi gak iso basa jawa
BalasHapus