Tradisi Tilar Pithik (dening Vita Lestari)
Tilar pithik wonten ing
adiacara mantenan Jawa Tengah, wonten ing daerah Magelang, Dusun Sawahan
Pancuranmas, Kecamatan Secang, Kabupaten Magelang. Wonten adat mantenan ingkang
namanipun tilar pithik. Tilar pithik menika dipun lampahaken bakda resepsi
wonten ing manten estri. Bakda adicara resepsi wonten ing manten estri kelar,
manten estri lajeng dipun dherekaken wonten ing dalemipun manten kakung kagem
paserahan utawi seserahan manten. Menawi saking pihak manten estri mboten saged
langsung seserasan. Saged dipun lampahaken benjangipun utawi dinten
salajengipun. Menawi dalemipun mempelai kakung nglewati jembatan. Biasanipun
wonten proses tilar pithik.
Ingkang dipun maksud tilar pithik
menika, inggih menawi nglewati jembatan kedah ninggal seekor pithik jawa.
Seekor pithik jawa ingkang umuripun tasih enom lan dereng ngendhok. Menawi
nalika ndherekaken manten estri dhateng dalemipun manten kakung nglewati
kalih jembatan, lajeng wonten ing jembatan menika dipun paringi pithik
satunggal-satunggal. Sesuai kalih jumlah jembatan ingkang dipun lewati.
Ubarampe kagem tradhisi tilar pithik inggih menika pithik jawa, keranjang
anyaman saka pring lan tali rafia.
Proses tilar pithik menika mboten
sembarangan. Kedah dipun lampahaken kalih tata cara ingkang leres. Tilar pithik
biasanipun diselehaken bebas lan saged dipun pundhut kalih sinten kemawon.
Anggeripun mboten dipun pundhut kalih keluwarga saking manten kakung lan saking
manten estri. Tilar pithik wonten ing adicara mantenan anggadhahi ancas supados
mantenan menika saged langgeng, lan kagem nolak balak.
Proses tilar pithik menika kedah
dipun lampahaken. Amargi menawi mboten dipun lampahaken, miturut nenek moyang
utawi sesepuh rumiyin, mangkeh manten menika saged angsal cilaka. Saged
kadadean ing wekdal menika utawi wonten ing panguripan mangkeh. Amargi tilar
pithik menika nolak balak. Biasanipun proses tilar ayam menika, kagem penghuni
wonten ing jembatan menika.
Menawi wonten ing adicara mantenan
utawi wonten ing paserahan manten mboten nglewati jembatan. Maka mboten usah
mlapahaken adicara tilar pithik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar