1. Blilu
tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih
pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
2. Cincing-cincing
meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen
wekasan entek wragat akeh
3. Criwis
cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
4. Cuplak
andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo
rembuge wong akeh
5. Crah
gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari
kuwat.
6. Dudu
sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa
bakal dibelani
7. Duka
yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
8. Dhandhang
diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab
becik dikandhakkke ala
9. Derman
golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
10. Desa
mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
11. Dadia
godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
12. Dhalang
kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
13. Dhandhang
diunekake kuntul = wong ala dikira becik
14. Dhandhang
ngelak = wong kang ngajab patining liyan
15. Dhadhap
ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
16. Dhayung
oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
17. Dipalangana
mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
18. 107. Dom sumuruping banyu = telik sandi
(mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
19. 108. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah
awake dhewe ora keduman
20. 109. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe
alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni
21. nGgepuk
kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
22. nGgered
ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
23. Giri
lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
24. Golek-golek
ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga
tumindak ala
25. Gondhelan
poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
26. Gotong
mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
27. Greget-greget
suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
28. ngGugat
kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
29. Gumembrang
ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
30. Gumendheng
ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
31. ngGutuk
api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
32. Gupak
pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake
kepenake
33. Glugu
ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
34. Glundhung
semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
35. Jaran
kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing
wis tau gawe wedi
36. Jarit
luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa
ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
37. nJujul
muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah
(kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
38. nJunjung
ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
39. Kaduk
wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
40. Kalah
cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan
orane
Tidak ada komentar:
Posting Komentar