Rabu, 17 Desember 2014

Sinopsis Cerkak



Janji
Pak Bagyo nyawang semahe sing gumlethak ing ndhuwur dhipan meneng wae lan di tutupi kain putih, kafan. Nama semahe yaiku Surti, sing wis ngancani pak Bagyo lawase 40 taun esuk iki sampun tilar dunya lan ninggali anak loro yaiku Sulis karo Wati sing wis padha omah-omah.
Para tamu nangis ndeleng pak Bagyo nangis. Sawise di solati pak Bagyo ngomong marang anak-anake menawi deweke arep ora rabi maneh lan arep setia marang ibune. Nanging putrane mangsuli supaya bapake ngati-ati anggone ngomong nang ngarepe jisime ibune.
Omahe kebak tamu lan kanca-kanca sename uga padha rawuh. Salah sijine iku ibu Rani randha sing isih ayu. Saben mbengi nganti pitung dina ibi-ibu padha nganakaken tahlilan, Rani uga teka terus ora tau absen. Dina ke pitune pak Bagyo njaluk nomer hapene bu Rani lan saben dina smsan.
Ora krasa wis patang puluh dina ninggale surti, lan wengi iku nganakake tahlilan, Rani uga teka merga wis di kabari liwat sms. Esuke pak Bagyo tangi gasik arep mangkat senam, pak Bagyo teka gasik dewek lan ora lat suwe Rani teka mesem-mesem. Saben ana jadwal senam pak Bagyo tangi gasik njemput lan ngnteraken Rani bali.
Anak-anake pada curiga menawi bapake lagi tresna marang Rani kanca sename. Esuke pak Bagyo marang umahe Rani nglamar deweke. Rani setuju, rong minggu sawise lamaran di anakake akad nikah, sadurunge akad nikah putra putrine padha ngengetaken menawi bapake tau janji arep ora rabi maning. Pak Bagyo kekalen lan tetep arep nglaksanakeken pernikahane kuwi. Sawise acara rampung sikile pak Bagyo padha lara, wis di gawa marang dokter saraf jerene ora nana penyakite. Sedulure Surti teka tilik lan aweh saran supaya di gawa marang dokter Heri sing ana nang Banyumanik, dokter nanging uga wong pinter.
Sawise di gawa nganah pak Bagyo di ruwat nang dokter Heri lan di terapi, banjur mari. Pak Bagyo sadar menawi deweke wis nglanggar jajnine dewek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar