Minggu, 07 Desember 2014

Geguritane Wong Ngapak



1. MAQOM
aja kaya kuwe ari ora bisa kaya kuwe..
kaya kiye ari pancene kudu kaya kiye..
samene ya wis pancene samene..
samono ya wis pancen kudune samono..
pan luruh luwihan ya kena sing penting ora olih otil..
sikut kana sikut kene..
jejek kana jejek kene..
2. WASKAT
wulan sing dititipi bengi..
matane terus mecece..
ngindik ning mburine blarak-blarak
sing oyag didamoni angin..
nyong sing kridongan pan clutak..
ora bisa obah..
ora bisa apa-apa..
wulan sing terus mecece..
nggawe mengkerede ati..
wulan tulung padangi..
kabeh sing arane nyolong,
korupsi, tipu2 lan clutak2 liyane..
3. DHUHUR
..serngenge ning mbun-mbunan..
mantul ning mustaka mesjid sing mengkilat..
adan bedug ngawe2..
nggered sedelat liren penggaweyan..
banyu wudu nyirami semelete penter..
ning kene..
ning sajerone ati sing grobyosan kringet..
merga mlayu sing laka pudate..
merga ngejar dunya sing ora tau ke kejar..
ayo sedulur pada liren sembayang duhur..
4. NAFSU
ning sajerone ngelihe nyong
waktu ndeleng sega karo lawuh sing kemebul
ana napsu sing tak elus-elus aja bae “dobal”…
ning sajerone ngoronge nyong
waktu ndeleng banyu sing cemreces
ana napsu sing tak elus-elus aja bae “gemrangsang”…
ning sajerone ngacenge nyong
waktu ndeleng pupu sing melong2 ana napsu sing tak elus-elus…aja bae…
5. NJARING AGIN
Ning tanjakan kiye nyong njaring angin…
waktu nyong ngresula karo sing nggawe angin…
waktu segala dekene nyong kawur…
diterjang angin…
Ning ngisor kene nyong nambak banyu…
waktu nyong ngresula karo sing gawe banyu…
waktu segala dekene nyong kentir kegawak banyu…
Duh Gusti, nyong sing pernah klalen…
Ancik-ancike lemah tapi mandenge langit…
Kesandung…
Njengkangkang…
Nyong sing klalen karo sing ning ngisor..
6. KENANGAN
nyong kelingan jaman semana..
ninggalna kowen ning gada-gada watese desa..
luh sing mrembes netes ning pipi..
tangan sing gemeter dadah-dadah..
numpak sepur ninggalna kenangan..
kenangan sg ora bakal bisa klalen..
waktu kuwe..
waktu kowen tak ambung ning ngisore wit albasia..
waktu kowen tak glelengna ning nduwure suket..
waktu kowen tak cempedna ning kandang wedus…
ah kowen saiki nang endi?..
7. NGENTENI
ning nduwure wedi sing keseyak ombak..
aku mandeng serngenge sing isin..
alon-alon umpetan..
ning sikile langit..
ning longane dina..
bengi manjat sayak suwe sayak atis..
manuk laut sing wis laka abane..
aku megin ning kene..
ngadeg..
nglekgleg..
ngenteni kowen..
wong ayu sing lunga digawak angin..
8. FATAMORGANA
utek sing diperes dadi getih..
mili sedawane kali sing laka pucuke..
menungsa ngoyo ngejar adeg-adege penguripan..
ana sing ngesod..
ana sing mbrangkang..
ana sing mlaku..
ana sing mlayu..
urip nganti pada kejengkang..
merga dalane lunyu..
pating pencelat..
menungsa sing pada mlayu ngejar apa lan apa..
“apa bae”..
padahal laka apa-apa..
padahal semu..
padahal fatamorgana…
9. SATRIYA-ne JAMAN
tumbak lanangan nancep ning sawijine jaman..
dadi anak sing laire ning nduwure alang-alang..
dadi menungsa sing nyorat-nyoret ireng putihe jaman..
dadi satriya sing omongane gejar gejur langka tedeng aling-aling..
mbongkar sakabehe..
mbongkar borok-borok..
mbongkar segalane kemunafikan…
satriya kapan kowen lair..
ning tangan tengene kowen obor…
sing genine mulad2…
mbakar raine penguasa sing pada korup..
10. WIDADARI
jam setengah siji bengi..
angin sing semriwing ning ati..
wong ayu sing ning impen..
teka marani..
widadari sing putih kulite..
ngejak nari..
nerjang alang2nge ati..
nerjang sumpeke ati..
sanajan mlaku ning nduwure eri..
belih peduli..
belih peduli..
sanajan mlaku ning nduwure geni..
belih peduli..
belih peduli….
11. GEMRUNGSUNG
wangwa sing dadi geni..
kening angin mulad2..
ning kene..
ning sajerone ati..
ora nana banyu..ora nana banyu..
Ning sajerone wengi..
aku nglangut mandeng wulan..
jembare awang-awang..
nggawa pikiran sing mlesat..
adoh mbangkana-kana..
ninggalna luh sing terus mrembes..
ning kene aku dewekan..
kowen minggat ninggalna blati..
nggesrek ati sing saiki dadi koreng..
aku wis suwe ora bisa ngomong..
sajege kowen langka..
ninggalna ati sing saiki wis tak lempit…
tak lempit…
sajerone lemari wesi..
sing kuncine tak guwang ning kali…
12. TLEMBUK REFORMASI
waktu nonton berita,
ning endi-endi rakyat sing di lelara
kowen sing tau dadi simpenane pejabat
kowen sing akhire dilarak ati belih kolu
kedampalan metu seka dunia peteng
sanajan kelase kowen priyayi karo pejabat
Belih gelem dibagen maning duwit colongan
waktu pejabat kuwe ngaku
jebule duwit sing nggo ngudar-ngudar kutang karo cawete kowen
pancene duwite rakyat sing dicolong
kowen sing saiki ngadeg ning barisan paling ngarep
ndase digubed karo tulisan reformasi
ngoprak-ngoprak tlembuk
sing pada dadi simpenane pejabat
Hei, para tlembuk
Tulung pada tangi !!
Tangi !!
aja gelem diglelengna karo para keparate negara
aja gelem dadi bolongan sing nggo umpetane
para Koruptorrrrrrrrr………………
13. BERAG KE- PINDO
ana terange wulan
ning pojokan lambene kowen
tiba ning latare atine nyong sing garing
kaya perasaan kangen sing tak pendem
ning sajerone lambene kowen
nyong kepengin ngambung kowen sepisan maning
nyong sing lagi berag maning,
sajege pertama ndelengna matane kowen
sing landep nubles-nubles ati kiye
wayah grimis ati sing ndempes
kelingan lambe telese kowen
waktu kowen merceka
nyong tambah ledes,
klelep ning antarane watu-watu
waktu kelingan pipine kowen sing dekok
14. SEDULUR SEJATI
sedulur sejatine nyong
sing ning njerone awak
kadang dadi lemah
kadang dadi banyu
kadang dadi angin
aku sing tau lunga
ninggalna sedulur sejati dewekan
mlaku sedawane dalan digandeng karo nafsu
kesrimped-srimped alang-alang sewu mangmang
kesasar belih bisa balik
kakang kawah adi ari-ari
aku njaluk wulang wuruk bener
becik kanggo selawase..
15. DURSASANA
jaman semana
raimu tau nggawe koreng
ning atine nyong
remuk bubuk sa walang-walang
semelete lambene kowen
wis ngalahna serngenge
sing ngentak-ngentak jam rolas
raine kowen wis tak ibaratna
bergijilan sing pan tak tempong
eben nguling-nguling
dasar dursasana
pintere mung petingtingan
ngece,
nyolong bandane wong
mbadog, lan ngrabeni bojone liyan
16. ORA NGARTI KENTOR
Nyong gedeg
dudu moni ora gelem
waktu kowen takon
“Kang apa rika demen nyong?”
nyong sing sebenere
pancen ora ngarti kentor
apa kuwe sing arane demen
Nyong gedeg dudu moni ora gelem
waktu kowen wuda aplang-aplang
“Kang apa rika gelem nyenengna nyong?”
nyong sing sebenere
pancen ora ngarti kentor …..
17. RAHASIA
rahasia kiye tak cekel
saprene tak umpetna
ning antarane pori-pori
wis tak dadekna kringet karo ambekan
Nggrobyos
nyangga abote sing terus tak gawa mlayu…
18. GETIH COLONGAN
duwit colongan dadi badogan
badogan dadi getih
getih dadi birahi
birahi dadi pejuh
pejuh dadi bocah
bocah dadi menungsa
menungsa sing sikilie pating petingtang
grijagan
ngedek-ngedek apa sing ora
19. MARYATUN
nyong ketemu kowen waktu
serngenge durung duwur
ning wetenge tegal arum
sg banter mlayu ngulon
sedawane dampar
wong sing bayak-bayak
nyong bih peduli
ngadeg nyempedna kowen
ning ngarepe toilet gerbong
..oh maryatun..
sanajan tangane kowen mambu centong warteg
tapi bokonge kowen sg waktu kuwe tak emeg-emeg
..saprene …
megin mambu wangi….
oh maryatun raimu saiki nang endi….
nyong kangen sajege pisah karo kowen ning pasar senen….
20. PADANG WULAN
padange wulan
sing mluntrah
ning latare atine nyong
nyong diitik-itik
karo semriwinge angin
sing ngejak mesem…
21. ALAM NYLIWAH
udan sing ngrekicek
sedina mbengkeleng
ning sajerone wulan juli
nggawe pitakonan
unsum apa kiye sebenere
udan panas teka ujug-ujug
alam sungsang nggawa mendung
ning latare ketiga
menungsa keder
menungsa bingung
nyawang jagad sing wis nyliwah..
22. KEJEGLONG
kaya perasaan demen
sing kowen tawakna
kowen tak tuku
ning peteng dedete bengi
kiye kesaksian sing ora bakal ilang
waktu nyong kejeglong
ning bolongan
sing nyong ora bakal klalen
….selawase….
23. PUISI GETIH
kata-kata sing tak tulis nganggo tangan kiwa
mangsine abang dadi puisi jiwane nyong
sing saiki terus dadi getih pucuke pedang cintane kowen
waktu kowen balik maning
nyuwek kulit atine nyong, dadi koreng
ning perjalalan
sing akhire dadi terus dadi impen sing blih tau kepenak
langka pudate….
…oh angin…
tak tarik rasa kangen kiye…
sing pernah tak titipna ning kowen…
oh bayu…
tulung siramna geni sing mulad-mulad
geni sing tau dadi lambang cintane nyong karo kae…….
24. ATI SUWUNG
Nyong mangkat lunga seka ati sing suwung
nglewati dalan-dalan ciut sing pating plegok
nganti tekane segara
gebar-gebure ombak karo angin laut
ngater remeng-remenge sore,
dina sing wis mulai peteng ning njerone jiwa
nyong ngliwati bengi kiye
ning ngisore wulan sing katon separo
ning mburine mega mendung sing mlaku
wulan sing ngindik nggrentes
ndelengna nyong turu aplang-aplang
ning nduwure amparan wedi segara
sing nyangga suwunge atine nyong….
25. TURU
wis langka ayang-ayang
anane mung kemreseke angin
aku diwisiki bengi
wis laka apa-apa….
tengah wengi
rasa kelingan sing wis mabur
karo jiwa sing lagi dititipna
suarane napas
alon-alon
ora pengin nggugah ngimpi
26. ATI NYABANG
bengi sing ora bisa turu
merga ati lagi nyabang telu
ning pertelon
nyong ngadeg mandeng wulan
meseme lambe
sing terus dadi ayang-ayang..
27. LANANG BUTA
matane mencilak
kaya serngenge jam rolas
cungure mblesek
kaya pendemen boled
lambene kawer-kawer
kaya wohe nangka
ilere ndlawer
kaya grojogan banyu udan
wetenge mblempo
kaya pedaringan beras
28. ISRO MI’ROJ
sepertelu bengi
lunga manjat tekan pucuke langit
wakile menungsa ngadep sendiko dawuh
ning istana dirajane jagad
balik nggawa prentah kudu
nyembah ping lima sadawane dina
ning antarane lawang-lawang langit sing ngeblag
kanjeng nabi pitakonan
waktu ndeleng menungsa dirajang-rajang
waktu ndeleng sengsarane menungsa
sing ora diakoni hamba..
29. LARA
ngarti ora kowen artine lara
yakuwe jejeran lintang ning langit
kekarepan sing ora pernah tau klakon
ning adohe sikile cakrawala..
30. MARYATI
Ning ngisore langit Jakarta
panase terminal sing ngentak-ngentak
luhe nyong melu ngecembeng
waktu kowen wadul
“prawane nyong wis suwek Kang ning desa
nyong mene sotan..njaluk pangapurane..”
ohhhh.. Maryati…
31. JABATAN
jabatan sing pada dadi kebanggan
tapi nyatane malah dadi rante sing naleni tangan
, sikil karo gulu..
sang mantan sing saiki pada ndlosor,
ngringkel ning nduwure jogan sing cepel
wong nduwe jabatan
saiki kuwe pada bae karo tingkring ning pucuke ri..
32. NYENYET
bengi sayak krasa nyenyet
hawa atis sing nujleb tekan balung
ora gelem merad
ndotor ning emperane ati
sing lagi suwung
ndotor ning emperane ati
sing lagi sutang
33. ALAM DUNYA
ning alam dunya
kasektine menungsa
sektine ilat..
sektine balung kr kulit..
sektine banda kr jabatan..
apa mbesuk bisa nadangi perkule mungkar kr nakir ?..
Ya Allah,
nyong sg bodo ora ngarti apa2,
prangasa adus banyu kembang..
padahal asline gupak ng comberan..
prangasa mangan sing blih papa..
jebule mbadogi jabarantah karo batang…
Ya Allah,
nyuwun dalan ampura
moga mbesuk ora ketemu
raine mungkar nakir sing dadi srigala…..
Bismillahirohmanirrohim
atas nama Sing Nggawe Jagat
nyong pan mlaku karo jiwa
sing wis dibaiát Syahadat…………
34. GRAHA
luh sing ngecembeng
ning ngisore wulan dipangan graha
ati sing garing gupak
ning sinare paceklik
menungsa ora kanti lunga
merga bumi selawase dadi alang-alang…
35. AMPURA
Ya Allah Gusti
saprene nyong megin dadi wong
sing ora gabled..
saprene nyong megin dadi wong
sing sering diedek-edek..
mungkin merga nyong salah dedonga..
merga nyong kurang bisa ngartekna
ayat-ayat-te Panjenengan…
Nyong belih tahu gelem ngalem Panjenengan…
Ngaleme mung dunya…
ngertine mung ngresula…
geleme mung nampani…
tapi babarblas blih gelem ndekena sama sekali…
Paringana ampura ya Gusti..
36. BENDERA
nyong weruh bendera lambang partai
sing dikerek ning ngarepe kantor pusat DPP
duwure ngungkuli sang saka merah putih
jebule kepentingan golongan
kuwe pancen luwih duwur
tinimbang kepentingan nasional
jarene atas nama aspirasi
kudune nang bendera partai
bisa nggo ngelap banyu mata sengsarane rakyat
kudune nang bisa nggo ngelap
leteh kelakuan bejade para koruptor…kudune nang bisa dst…
47. KEPARAT
Ambane telak
sing mbadog sejarah
ireng dadi putih
putih dadi ireng
jarene reformasi
jebule mung cocote politisi
sing pada jempalitan luruh korsi
wong-wong sing asline pada mbakar sejarah
njaluke pada ngatur negara
padahal klambine rodal-radil
hasil suwekane bendera abang putih
jarene reformasi,
jebule cocot sing pada ngetokna gula
jebule saiki..ning kene rakyat tetep bae dadi barang rongsokan….
38. WANGWA
Raine kowen sing saiki dadi wangwa
sanalikane ngomong ilat sing murub mulad-mulad
mbakar atine nyong
sedawane ungsum mangsa ketiga
dadi musuh ning njerone selimut..
39. TATAHAN TULISAN
Arti sing ditatah,
diukir,
digubed dadi siji
ning sajerone tulisan,
dadi tugu sejarah
sing terus dibenahi
ning njero lemari perpustakan ati-atine menungsa
tulisan sing bakal terus dikenang
merga hurup demi hurup sing ditrapna,
ngadeg dadi sawijine hakekate urip..
40. SAKRATUL MAUT
sanalikane nyong
kelingan sakratul maut kuwe abot,
nyong wedi ya Allah..
nyong wedi..
kapan kuwe anjog..
waktu roh sing dilorod..
nyong sing ora bakal bisa lunga..
nyong sing ora bakal bisa apa2..
Ya Allah, nyong ngerti kuwe bakal lara..
nyong bakal dewekan..
Ya Allah, mbesuk kapan mbuh sing bakal
teka nyong njaluk dinungi banyu talqin…
nyong njaluk Syahadat…
nyong njaluk khusunul khotimah…
astaghfirulloh hal adzim…
41. SLODOR
bocah rame slodor
ning ngisore wulan
sing mencorong..
nyong seduprak ning ngarepe lawang
ngrongokna lagune bocah
sing lagi pada gemerah..
ohhh.. nyong sing gemiyen playon ngudag-udag jelong..
saiki remek bebeg diudag-udag ewonan masalah..
ohhh… senggane nyong bisa balik maning
dadi bocah sing bebas lan merdeka..
42. BANGKAR
udan sing tembeke bae mandeg
atise negin krasa cemreces tekan balung..
Jam siji bengi kiye nyong durung bisa turu..
ceplik sing tak suled maning
ngancani kentap-kentipe mata ngelang-ngeling rumangsa..
nyong sing wis mlaku adoh
jebule saprene durung bisa ngunduh uwohe lelaku..
bangkar..!
langka apa-apane..suwung..!
nyong sing saprene nyatane terus dadi gedibale roda
sing mbelet ning dalane endut panguripan
43. RUNGSEB
enyong kelangan wulan
sing tak benahi ning nduwure bengi..
enyong takon karo mendung
tapi jawabane mung udan sing ngrekicek..
peteng dedet..
laka damar sadawane dalan..
ayang-ayang dideleg geni
sing sipet didamoni angin..
peteng dedet..
laka damar sadawane dalan..
udan sing ngrekicek..
nggawa ati sing kesasar
saprene durung bisa balik..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar