Pacaran
ing Baturaden bakal “putus”
Baturaden
iku salah sawijining panggonan wisata kang terkenal ing kabupaten Banyumas.
Baturaden panggonan favorit kanggo wisata keluarga , apa maneh para muda mudi kang lagi kasmaran. Baturaden
dikenal amarga wisata alam kang esih asri lan pemandangane endah, ana pancuran
pitu, pancuran telu, telaga sunyi lan liya-liyane. Mula iku akeh kang dolan
maring baturaden, nanging ana mitos yen pasangan kang lagi kasmaran bali dolan
kang baturaden bakal putus utawane pedhot tali asmara. Percaya apa ora iku
urisane dhewe-dhewe.
Miturut
wong tuwa , mitos iku asale saka carita asal-usule baturaden. Baturaden dhewe
asala sakabatur (pembantu) , raden (kaluwarga saka bangsawan ). Diceritaake ana
kadipaten ‘kutaliman’. Adipati kutaliman duwe 4 putri lan gamel utawane wong
kang jaga jaran, salh siji putrid adipati iku tresna karo gamel iku lan akhire
jalin tali asmara tanpa ana sing ngerti . ing sawijining dina , sang adipati
ngerti lan ngurak lunga sang putrid karo gamele. Adipati duka, amarga pinemune
sang adipati kaluwarga bangsawan ora pantes nek sesambungan asmara karo
pembantune.
Wong
loro iku akhire ngembara, ing tengah pengembaraan iku sang putrid nglairake
bayi lanang ing pinggir kali, kali iku dijenengi “kaliputra”, sawise iku ing
pengembaraan selanjute , wong loro iku nemu panggonan kang asri lan endah . pungkasan ning kono dig awe
padepokan , padepokan kuwi diarani “Baturaden” saka Batur kang ateges pembantu
lan Raden iku ateges kaluwarga saka bangsawan.
Amarga
kisahe wong loro iku kang jalin tali asmara kang “terlarang” , panggonan iku
disumpaih , yen ana muda-mudi pacaran nang kono bakal putus , kabehan kuwi
gara-gara kisah cintane sang putri. Iki among mitos bener apa salahe durung ana
kepastian kang trep. Nanging wes akeh carita carita kang kasunyatan , balik dolan
saka baturaden putus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar