Wayang
Suket Sekang Suket Kasuran
Badriyanto
kue siji-sijine wong Purbalingga sing duwe ketrampilan bisa gawe wayang suket.
Budriyanto asale sekang Dukuh Kemangunan Desa Wlahar Kecamatan Rembang
Kabupaten Purbalingga, profesi sedina-dinane dadi tukang batu. Deweke bisa gawe
wayang suket awit remaja diwaraih neng eyange angger lagi angon wedhus, eyange jenenge
Kasan Wikrama sing akrab diceluk Mbah Gepluk. Pas jaman remaja ganu Badri
diwaraih gawe wayang suket mung seminggu, bar kuwe latihan gawe dewek.
Jane
wayang suket bentuk karo ukurane meh padha karo wayang kulit. Wayang kiye
digawe sekang anyaman suket sing biasane nggo panganan jaran, wong kono padha
ngajari suket kuwe suket kasuran. Suket kasuran mung tukul setaun sepisan neng
daerah Purbalingga yakuwe wektu wulan sura tok. Sebenere bisa juga gawe wayang
suket karo suket liyane tapi mengko hasile ora apik lan ora tahan suwe. Awale
mbah Gepluk iseng-iseng nganyam suket didadekake tokoh-tokoh wayang pas lagi
angon wedhuse, tapi ketrampilan kuwe dikembangna lan wis akeh koleksi wayang
suket hasil karyane sing ndadekake deweke terkenal lan akeh wong sing padha
pesen. Mbah Gepluk nurunake keahliane maring putune yakuwe si Badri. Ora kur
maraih gawe wayang sekang suket, mbah Gepluk juga ngenalna tokoh-tokoh wayang
lan nyritakna dunia pewayangan kanthi semangat. Taun 1990 mbah Gepluk terkenal
sebagai tukang gawe wayang suket. Mbah Gepluk juga pernah pameran wayang suket
pas taun 1995 neng Yogyakarta.
Cara
gawe wayang suket Badri nyiapake bahan baku yakuwe suket kasuran, sedurunge
dianyam suket kudu dikum banyu disit kon layu, banjur suketb sing bar dikum
banyu mau digebug-gebug supaya pipih lan layu. Sawise layu suket tembe bisa
dianyam kanggo gawe tokoh wayang. Awale angger nganyam esih ndeleng contoh
wayang neng gambar, tapi siki wis ora ngandelake gambar maning soale wis apal
gambar tokoh-tokoh wayang neng uteke. Butuh konsentrasi sing temenanan kanggo
nganyam suket supaya dadi bentuk wayang. Proses gawene wayang antarane telu
gutul seminggu kanggo gawe wayang siji. Angger wayang sing sederhana bisa
telung dina dadi. Badri gawe wayang manut karo pesenane wong-wong. Saben sewayang
diregani antara 200-500ewu tergantung cilik lan gedhene pesenan wayang sing
digawe. Lan juga tergantung karo rumit orane cara gawene.
Naming
kuwe tok sing bisa tek jelasna babagan wayang suket, angger pengin weruh wayang
suket sing asli teka bae maring Purbalingga, maring "Museum Wayang dan Artefak utawa Sanggaluri Park".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar