Kenthongan
Kenthongan
kuwe salah siji kesenian sing ana nang Banyumas sing digawe sekang pring sing
dibolongi pinggirane. Jaman gemiyen kenthongan kuwe dienggo nggo alat
komunikasi lan woro-woro nang masarakat sekitar banyumas. Contone nek nabuh sepisan-sepisan
kuwe nggo tanda angger ana sing kemalingan, nek ping loro-loro tandane ana
kebakaran, lan esih akeh cara nabuh sing liyane maning.
Kenthong
kuwe akeh wernane, ora kur digawe sekang pring tok. Nek sing digawe sekang
pring kuwe neng saben umah mesti duwe, sing gunane kanggo komunikasi lan
woro-woro kuwe mau. Ana juga kenthong sing digawe sekang kayu, biasane kenthong
sing digawe sekang kayu kuwe anane neng langgar utawane neng mesjid sing
panggonane jejeran karo bedug. Gunane kenthong neng langgar kuwe ya nggo aweh
kabar angger wis mlebu wektu shalat.
Nanging
kuwe gemiyen saurunge ana listrik dadi nganggone kenthong. Siki kan wis jaman
modern, teknologi wis maju, wis ana listrik, dadi kenthong wis udu maning
dinggo go komunikasi nanging dinggo go alat hiburan. Supaya melodine tambah
apik dadi kenthong ditambahi alat musik liyane yaiku ana angklung, calung,
suling, bas sing digawe sekang tong sing ditutup njeroan ban bekas mobil, lan
ditambah ketipung. Jumlah pemain kenthongan segrup biyasane wong rong puluhan,
sing paling akeh sing bagian nabuh kenthong, kan kenthong akeh variasi nabuhe
dadi mbutuhake wong akeh kanggo segrup. Men kepenak dirungokna, mula kenthongan
dipimpin nang rong mayoret padha kaya neng drumband. Klambi sing dingo biasane
klambi tradisional. Nang grup kenthongan ana penarine juga men sing ndeleng
padha ora bosen. Lagu iringan sing biasa dimainake biasane lagu tradisional
utawa lagu dangdutan.
Kenthongan
biasane dianakna kanggo hiburan nang acara hajatan utawa neng upacara-upacara
resmi. Kadang juga dianakna lomba kenthongan, tampil nang festival-festival
angger ulang taun kota juga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar