Rabu, 31 Desember 2014

Resensi Novel "Kadurakan ing Kidul Dringu"





RESENSI NOVEL “KADURAKAN ING KIDUL DRINGU”

Disusun guna memenuhi tugas akhir mata kuliah Menulis Kreatif

Dosen pengampu :

Prembayun Miji Lestari, S.S, M.Hum











oleh



Dani Prihastuti

2601413011

Rombel 1









JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG

2014

Resensi  Novel  “ Kadurakan ing Kidul Dringu”



       I.                        Identitas Buku :

a)      Penulis             : Suparto Brata

b)      Penerbit           : Narasi

c)      Tahun  Terbit   : 2012

d)     Tempat Terbit : Yogyakarta

e)      Tebal  Buku     : 192 hal

f)       ISBN               : 979-168-305-0

g)      Panjang Buku  : 14x20 cm

h)      Jenis Kertas     : HVS 





    II.                        Sinopsis Novel

Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi  mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam  ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda

Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.



Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.



Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.



Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.

 III.                        Unsur Intrinsik Novel



1.      Tema                    : Perjuangan

2.      Latar Belakang   : Nalika semanten bangsa Indonesia pitados dening janji-janjinipun Walanda babagan perjanjian Linggarjati. Wonten mupakatan menika Walanda wani nerak. Dados kawontenan peperangan menika. Probolinggo dibumihangusaken lajeng para pemudha-pemudha ing kidul Dringu nyoba nyerang Walanda. Sabab sedaya kersa kemerdekaan menika inggih kemerdekaan ingkang rakyatipun tentrem raharja

3.      Waktu                  : 1.Saderengipun perang kamerdekaan

                                   (Perjanjian Linggarjati)

  2.Sesampunipun perang kemerdekaan.

  3. Enjang

 4. Sonten

 5. Ndalu



4.      Tempat                 :  1. Dusun Kidul Dringu

                                 2. Dusun Dringu

                                 3. Kutha Sala



5.      Suasana                : 1. Tegang

                                2. Seneng

                                3. Duka

                                4. Nelangsa

                                5. Hening

                              6. Sepi



6.      Alur                      : Campuran

7.      Penokohan           : 1.Wimbadi : Ajrih,remen nulung, wicaksana,

                                2. Mas Pandam : Kendhel, eman, tegas, wicaksana

                                3. Mbakyu Pandam: eman marang adi , pekerja keras

                             4. Kingkinarti : eman, penyayang, preduli kalih                                                    tiyang,isinan.

                             5. Dul Genuk : eman, cerewet,

                               6. Dulmanan : eman, preduli kanca, tiyang introvert

                             7. Martimbang lan Martimbul: eman, boten preduli

                                8. Dasiyun  : boten saged nrima kahahan, ngajeni

                                9. Basuki : remen ngehasut tiyang

                                                            10. Mas Adi Waluya : egois, wicaksana, jiwa pemimpin

                                                            11. Ananta: eman, nrima kahanan

                                                            12. Kusman: ajrih, eman

                                                            13. Narwata: eman, pasrahan

                                                            14. Pak Guru Bakir: Wicaksana, santun,

                                                            15.Naraindras : kemayu, manja, gampang nesu

                                                            16. Lilik Handayani : pengerten, apikan, tiyang sae

  8. Gaya Bahasa : Wonten novel menika kirang langkungipun ngangge bahasa ingkang kias. Dialek Surabaya.

                          9. Sudut Pandang : Tiyang 1 pelaku utama

  10. Amanat : Kita boten pareng ajrih lawan para penjajah, menika samoun dados kewajiban para WNI ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. Kita ugi ampun amung ratapi nasib ingkang saweg dipun adepi ananging kedah usaha supados saged urip raharja mulya lan bahagiya.

 IV.                        Kelebihan Novel

Novel menikah inggih sae sanget, amargi isinipun novel menika babagan perjuangan nglawan para Walanda. Novel menika ugi ngawontenaken romansa-romansa katresnan tiyang ingkang setia, nrima pasanganipun punapa wontene. Novel menika paring tuladha ingkang sae. Ciri khas karya Suprapto Broto menika inggih ketingal sanget.









    V.                        Kekurangan Novel

Novel menika ngangge dialek Surabaya, dados mboten sedaya tiyang mangertosi. Kedahipun ngaggem bahasa ingkang dipun mangertosi sedaya. Boten kekathahen kiasan. Novel menika sethithik damel bosen ingkang maos. Cariyos ipun panjang lebar, kadang boten cetha.







 VI.                        Saran terhadap novel

Variasi cariyos wonten novel menika kedah dipun kathah. Novel menika sampun sae nanging, para tiyang ingkang maos bosen. Ananging isi novel menika inggih sae sanget pesan moral wonten novel sampun dipun saged pundhut secara tersirat. Novel ingkang mekaten inggih novel ingkang dibetahaken dening remaja saniki. Novel novel jawa kados puniki inggih dipun padosi inggih angel , boten setiap took buku wonten, kedah wonten agen-agen ingkang nyaluraken novel-novel menika wonten toko-toko buku ageng. Variasi cariyos kedah langkung kreatif.