Menulis
Kreatif
Dosen
pengampu :
Prembayun
Miji Lestari, S.S.,M.Hum.
oleh
:
Dwi
Noviyanti
2601413014
Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa
Fakultas
Bahasa dan Seni
Universitas
Negeri Semarang
Resensi
Novel
1. Identitas
Novel
a. Judul
: Spookhuis Gedhong
Setan
b. Penulis
: Suparta Brata
c. Penerbit
: Penerbit NARASI (Anggota
IKAPI)
Perum Tambak Mas No.77
DK II, Sumberan Yogyakarta 55182
d. Tahun
Terbit : Cetakan Pertama 2010
e. ISBN
: ISBN
(10)979-168-251-8
ISBN (13)978-979-168-251-0
f. Dimensi
: 14,5 X 20,5 cm
g. Jenis
Kertas : HVS
2. Sinopsis
Nalika
malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine
marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong
setan sing ana nang pasar kembang. Sederenge Totje lunga marang gedhong setan,
deweke nyiapake barang bawaan sing arep digawa. Totje latian carane motret
nganggo tustel. Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo
mesem-mesem merga ana kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia
bakal teka marang umahe nang wengi kuwe. Tekane Sonia marang umahe Totje merga
deweke ngerti menawi Totje arep lunga marang gedhong setan, lan Sonia arep
mbatiri Totje marang gedhong setan. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani
Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang
gedhong setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi
kenapa Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia
bakal ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire
wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang dokare takon
marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane marang gedhong
setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu menungsa. Sawise tekan
gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik cepet-cepet.
Sawise
gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing
ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan
sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba
mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora
katon wujude lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan,
malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke
diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa
dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni
deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di
bukak, tapi nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan
saiki nutup merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje,
tapi Totje ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong
telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok
menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh
ruangan dileboni. Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman keras
lan mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo
marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat
Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane
Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih
njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan. Nalika
Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana wong wadon
disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau kuwi,
banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka wetenge
wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag kono, kuwi
dudu dhemit. Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana sing gerak
saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang kamar kuwi,
nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk
tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang
kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani
deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok
loteng mau. Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang
kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu
marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung
dithuthuk nganggo sentolop ngasi
semaput. Bareng sadar Totje kaget kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan
dirubung wong akeh. Banjur mamine Totje nyritakake nalika deweke semaput
dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia. Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma
dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep
diperkosa nang Jaan sing wis mabok. Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia
saiki kentir merga kelakuane jaan.
3. Unsure
Intrinsik Novel
a. Tema
: nepati janjine marang kanca-kancane mlebu marang gedhong setan lan arep
mbuktikake yan gedhong kuwi langka setane.
b. Latar
balakang : novel iki nyritakake jamane cah sekolah SMA nalika nyritakake
gedhong sing terkenal angker. Novel iki isine horor nanging uga ana
saru-sarune.
c. Waktu
:
1. Nalika
sore (pas siap-siap arep marang gedhong setan)
2. Malem
jemuwah kliwon (nalika marang gedhong setan)
3. Nang
sekolahan (nalika Totje ditantang marang Gedhong Setan)
4. Nang
tempat debat (Totje dadi bahan omongan merga nekad marang gehong setan)
5. Nang
gedhong setan wayah malem jemuwah kliwon
6. Nang
kamar (nalika Totje lagi latiahan motret nganggo tustel)
d. Suasana
:
1. Udan
wayah sore malem jemuwah kliwon
2. Heboh
nalika Totje latihan motret pas nang kamare
3. Menegangkan
nalika perjalanan nang gedhong setan lan nang gedhong setane
4. Rame
nalika Sonia njerit-njerit nang njero gedhong setan
5. Keharuan
nalika Totje nang rumah sakit dirubung wong akeh
e. Alur
: alur sing dinggo yaiku alur campuran ana maju ana mundur
f. Gaya
Bahasa : akeh nganggo majas-majas
g. Amanat
: aja gampang percaya omongane wong sing urung mesti benere. Angger ngomong
dibuktekake disit bene apa orane.
h. Penokohan
:
1. Sidharta/
Totje : tokoh utama
Wateke keras kepala, nekad, jahat
juga nalika marang Sonia
2. Mami :
ibune Totje
Wateke eman marang anak, penyayang,
ramah marang wong
3. Sonia :
kanca sekolahe Totje sing ngancani marang gedhong setan
Wateke penakut, manja, ngrepoti
wong
4. Jaan :
kanca sekolahe Totje sing nawarake arep ngancani marang gedhong setan
Wateke jahat, kasar, licik
5. Sopir dokar : wong sing ngeterake Totje,
Sonia, lan Jaan
Wateke wedian
6. Hendriks de Zwarver : kanca sekolahe Totje
Wateke tukang nglombo, sok tau
7. Bram de Jong : kancane Totje
Wateke nglomboni, sok tau
8. Karel Hoekhyus : kanca sebangkune Totje
Wateke apik nanging penakut
9. Martin Steendam : kanca sekolahe Totje
sing nyelangi kamera toestel
Wateke apik merga nyilihi kamera,
lan penakut
10. Polisi
: penegak hukum sing mbantu misine Totje
Wateke penolong
11. Laki-laki
Jepang : wong sing mata-matani sekang Jepang sing umpetan neng gedhong
setan
Wateke jahat, pengecut
12. Perempuan Jepang : mata-mata sekang
Jepang sing umpetan nang gedung setan
Padha karo lelaki
Jepang jahat lan pengecut. Nekad juga merga wedi kewenangan deweke bunuh diri
i.
Sudut Pandang
Sudurt pandang sing
dinggo nang novel Spookhuis Gedhong Setan yaiku sudut pandang akuan.
4. Kelebihan
Novel
Novel
iki tipis dadi diwaca cepet rampung, ceritane menarik dadi gawe pengin maca
terus kelanjutane kepiye. Gawe penasaran antara sesi siji marang sesi liyane.
Novel iki apik kanggo wong sing seneng maca. Apa meneh kanggo remaja sing
seneng cerita horror.
5. Kekurangan
Novel
Kekurangan
novel Spookhuis Gedhong Setan kuwi bahasa sing dinggo esih akeh nganggo bahasa
wong Landa, dadi angel diemut lah ora ngerti artine. Apa maneh jeneng-jeneng
tokohe sing akehe nganggo bahasa Belanda lan dawa-dawa, dadi angel diemut lan
diapalna. Juga kadang ana kata sing ora dingerteni, amarga novel iki nganggo
bahasa Surabayaan lan kula dudu saking Surabaya.
6. Saran
Terhadap Buku atau Manfaat Buku
Sarane
kanggo novel iki aja terlalu akeh nganggo bahasa Belanda sing ora dingerteni
nang wong Jawa.
makasih ya sangat bermanfaat
BalasHapusunsur ekstrinsik apa???
BalasHapusSip
BalasHapusAda kah novel jawa komedi ??
BalasHapusMantappppp
BalasHapus