Roman
Picisan Rama lan Sinta
Kerajaan Mantili nganaake
sayembara,sapa sing bisa manah kanthi apik bakal didadeake mantu. Putri
kerajaan Mantili jenenge Sinta. Rama salah sawijining peserta iku. Kasunyatan
Rama sing dadi pemenange. Rama Sinta akhire bojo. Nanging, Rama kang putra Raja
Dasarata ora bisa dadi raja ing Kosala ibukota Ayodya, merga polaeh biyung
sambunge. Akhire Rama karo Sinta dikancani Laksmana lelunga maring alas
dandaka. Lelungane Rama,Sinta , lan Laksmana wis dicegat ning ibune karo Barata
nanging Rama kekeh karo pendiriane.
Ning alas Dandaka Rama, Sinta lan
Laksmana ngalami akeh rintangan. Ning alas Dandaka akeh makhluk-makhluk kang
wujude raksasa. Salah sijine ana raksasa
sing jenenge Supranaka, Supranaka iku raksasa sing sering anggodani cah lanang.
Rama lan Laksmana ora luput kang godaane si Supranaka. Supranaka pengin dadi
Bojone rama lan Laksmana Nanging Supranaka olih akibate, irunge lan kupinge
ditugel Laksmana. Supranaka wedi lan ngomong marang kakange Rahwana. Rahwana iku Raja ing
Ngalengka. Rahwana dikongkon Supranaka nyerang si Rama lan Laksmana.
Rahwana nyulik Sinta nganggo
bantuane si Marica sing nyamar dadi kijang emas. Sinta digawa Rahwana. Manuk
Jatayu arep nulungi Sinta kena senjatane Rahwana lan akhire mati. Pas arep goleki
Sinta ing tengah dalan Rama lan Laksmana ketemu karo lutung sing jenenge
Sugirwa karo Hanoman. Nganggo bantuane si Rama , Sugirwa bisa ngalahake si
Subali lan bisa dadi raja ing Kiskenda. Hanoman karo pasukan lutunge
bareng-bareng goleki Sinta.
Ing panggonan liya ing Ngalengka
si Sinta lagi duka , Sinta karep bisa lunga saka kerajaan iki. Rahwana saben
dinane bujuk Sita dadi bojone tapi si Sinta ora gelem, ing Ngalengka Sinta
dikancani karo adine Rahwana Trijata. Nang panggonan liya Hanuman lagi nyiapna
kanggo penyerbuan. Hanuman ngrusak wit-wittan sekitar kerajaan , gawe gaduh
kerajaan Ngalengka. Hanuman jaluk Rahwana bebasna si Sinta nanging si Rahwana
jaluk Hanuman diobong. Akhire Hanuman diobong. Hanuman mlayu-mlayu karo
kobongan , sedurunge mlayu Hanuman awes surate Rama marang Sinta. Hanuman mlayu
marang gunung malyawan.
Ngerti Hanuman kaya kuwi, Rama
lan Laksmana niat arep nyerang kerajaan Ngalengka. Ing perang iki Kumbakarna
gugur nang Rama. Perang iki dimenangake dening rama. Kemenangan ing pihak Rama.
Sinta nyuwun marang Hanuman aja balas dendam karo raksasa-raksesi kang wis
nyulik Sinta. Rama kan wis ngerti Sinta
bali, ngutus Hanuman supaya Sinta nyucikna awake disik. Nanging nalika Sinta
wis nganggo klambi sing apik katon cemerlang,ana sing ngomong Rama karo Sinta
ora bisa urip bareng-bareng maning amarga Sinta wis suwe ing pihak musuh.
Kanggo buktina Sinta esih suci lan setia karo si Rama. Sinta bakar awake dewek
. saksine ana para dewa salah sijine
dewa Agni. Nalika sinta mlebu ing geni , geni mau berubah dadi kembang
teratai emas. Kegelisahan ning atine
Rama ilang. Akhire Rama lan Sinta balik ing Ayodya. Ning ayodya Rama. Sinta lan
Laksmana disambut Bharata lan ibu Rama. Ayodya nganaake pestas kanggo baline
Rama,Sinta lan Laksmana. Rama karo Sinta bisa urip tentrem bareng-bareng maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar