1.
Parikan
Parikan iku unèn-unèn kang dumadi
seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka
isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake
purwakanthi swara.
Kang diarani parikan Yaiku unèn-unèn
mawa paugeran telung warna yaiku :
·
kadédan
saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
·
saben
saukara kadedan saka rong gatra
·
ukara
kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra).
Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra).
Gunane purwaka
(ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa
dipituturi, Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé”
dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur
nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara
kapindho).
Tuladha parikan
Dondong apa salak, duku cilik-cilik
Gendong apa mbecak, mlaku timik-timik.
Teklek kecemplung kalen
Timbang golek aluwung balen.
Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja.
Manu ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya nggantheng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda )
Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4 wanda )
Wèdang bubuk gula jawa ( 4 wanda + 4 wanda )
Yèn kepethuk ati lega ( 4 wanda + 4 wanda )
Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).
Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan
sing kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan
patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung
ana ing tembang. Déné yén tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora
ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra
Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha
kasebut kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
Wetan
kali kulon kali Arep nyabrang gak onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen
ditimbang pada abote
Ali-ali
temunpang kasur Aku lali pira regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana
jasa2ne
Esuk
nyuling sore nyuling Sulingane arek Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di
eling ora rumongsa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing
parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran,
sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
·
Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan
Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
·
Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane ngarang parikan
Sing
dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”.
Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise
rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara
kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan
dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
2.
Paribasan
Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa
pepindhan. Tuladhanipun yaiku :
1. Blilu
tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih
pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
2. Cincing-cincing
meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen
wekasan entek wragat akeh
3. Criwis
cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
4. Cuplak
andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo
rembuge wong akeh
5. Crah
gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari
kuwat.
6. Dudu
sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa
bakal dibelani
7. Duka
yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
8. Dhandhang
diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab
becik dikandhakkke ala
9. Derman
golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
10. Desa
mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
11. Dadia
godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
12. Dhalang
kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
13. Dhandhang
diunekake kuntul = wong ala dikira becik
14. Dhandhang
ngelak = wong kang ngajab patining liyan
15. Dhadhap
ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
16. Dhayung
oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
17. Dipalangana
mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
18. Dom
sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi
wewadi
19. Eman-eman
ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
20. Embuh
nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu
nglakoni
21. nGgepuk
kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
22. nGgered
ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
23. Giri
lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
24. Golek-golek
ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga
tumindak ala
25. Gondhelan
poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
26. Gotong
mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
27. Greget-greget
suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
28. ngGugat
kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
29. Gumembrang
ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
30. Gumendheng
ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
31. ngGutuk
api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
32. Gupak
pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake
kepenake
33. Glugu
ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
34. Glundhung
semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
35. Jaran
kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing
wis tau gawe wedi
36. Jarit
luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa
ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
37. nJujul
muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah
(kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
38. nJunjung
ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
39. Kaduk
wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
40. Kalah
cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan
orane
41. Karna
binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
3.
Saloka
Saloka iku unèn-unèn kang
gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake iku wonge. Lumrahe
tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane
ukara.
Tuladha
:
a.
Asu gedhe menang kerahe : wong
kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.
b.
Beras wutah arang bali menyang
takere : barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.
c.
Ciri wanci lelai ginawa mati : pakulinan
ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati. Dudu sanak dudu kadang, yen
mati melu kelangan : senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal
dibelani.
d.
Enggon welut didoli udhet : panggone
wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.
e.
Gliyak-gliyak tumindak, sareh
pakoleh : senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan
karepe.
f.
Idu didilat maneh : murungake
janji kang wis diucapake.
g.
(n)Junjung ngetebake / ngebrukake
: ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.
h.
Kebo ilang tombok kandhang : wis
kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu.
i.
Ladak kecangklak : wong kang
angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe.
j.
Mbuang tilas : ethok-ethok ora
ngerti marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni.
k.
Ngagar metu kawul : ngojok-ojoki
supaya dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempan.
l.
Obah ngarep kobet mburi : tumindake
penggede dadi contone/panutane kawula alit.
m.
Pitik trondhol diumbar ing
padaringan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.
n.
Rukun agawe santosa, crah agawe
bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi
padha bubrah/rusak.
o.
Sadhakep awe-awe : wis
ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.
p.
Timun mungsuh duren : wong
cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.
q.
Undaking pawarta, sudaning kiriman
: biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.
r.
Welas tanpa lalis : karepe
welas nanging malah gawe kapitunan.
s.
Yuwana mati lena : wong becik
nemoni cilaka marga kurang ngati-ati.
t.
Kala cacak menang cacak : samubarang
panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane.
u.
Emprit abuntut bedhug : perkara
sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.
v.
Didhadhunga medhot, dipalangana
mlumpat : wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.
w.
Car-cor kaya kurang janganan
: ngomong ceplas-ceplos oran dipikir disik.
x.
Banyu pinerang ora bakal pedhot
(sigar) : pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane.
y.
Ana daulate ora ana begjane : arep
nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub).
z.
Ana catur mungkur : ora gelem
ngrungokake rerasan kang ora becik.
4.
Wasita
Adi
Wasita
adi disebut juga pepatah-pepatah bijak dalam bahasa Jawa.
Tuladha Wasita Adi :
a. DIJUPUK
IWAKE AJA NGANTI BUTHEG BANYUNE
Pengambilan
kebijaksanaan atau penyelesaian masalah yang diidealkan jangan sampai
menimbulkan korban atau masalah baru.
b. MENANG
MENENG NGGEMBOL KRENENG
Menggambarkan perilaku
seseorang yang di permukaan (fisik, lahiriah) kelihatan pendiam, tidak banyak
omong akan tetapi di pikiran dan di hatinya sebenarnya dia tengah mempersiapkan
atau menyimpan sesuatu (yang umumnya tidak baik). Entah itu berupa
rencana-rencana atau tujuan-tujuan yang tidak mulia. Entah itu rekayasa
manipulasi, kebohongan, dan seterusnya.
c. WIT
GEDHANG AWOH PAKEL
Menggambarkan betapa
mudahnya berbicara atau ngomong. Namun begitu sulitnya melaksanakan,
mengerjakan, atau mewujudkannya.
d. ANCIK-ANCIK
PUCUKING ERI
Menyatakan keadaan yang
begitu gawat, kritis, dan nyaris tidak tertolong lagi. Bisa dibayangkan
bagaimana keadaan seseorang yang bertumpu pada ujung duri. Tentu saja sakit dan
khawatir. Ibaratnya keberlangsungan hidupnya tinggal menunggu ajal belaka.
e. TUNGGAK
JARAK MRAJAK TUNGGAK JATI MATI
Menggambarkan tentang
keadaan orang dari kalangan kebanyakan yang bisa berkembang (mrajak) dan
sebaliknya, orang dari kalangan/trah bangsawan/berkedudukan tinggi yang tidak
punya generasi penerus (mati).
f. KAYA
KODHOK KETUTUPAN BATHOK
Mengatakan bahwa orang
yang pikiran, referensi, pengetahuan, dan pengalamannya tidak banyak tentu
tidak akan tahu banyak hal.
g. GELEM
JAMURE EMOH WATANGE
Menggambarkan keadaan
(seseorang) yang hanya mau enaknya tetapi tidak mau jerih payahnya.
h. KESRIMPET
BEBED KESANDHUNG GELUNG
Mengajarkan agar kita
semua tidak mudah terjerat oleh hal-hal yang nempaknya memang indah dan nikmat,
namun di balik itu hal demikian justru mengancam ketenteraman, keselamatan, dan
kenyamanan hidup kita sendiri dan orang lain (keluarga, saudara, tetangga, dan
sebagainya).
i.
GUSTI ALLAHE DHUWIT, NABINE JARIT
menggambarkan orang
yang hidupnya hanya memburu uang atau harta benda, kemewahan, dan kenikmatan.
Sehingga yang ada di dalam otak dan hatinya hanyalah bagaimana mendapatkan
uang, kemewahan, dan kenikmatan hidup itu.
j.
WANI NGALAH LUHUR WEKASANE
memperlihatkan makna
tidak mau berkompetisi, pasrah, penakut, lemah, dan sebagainya. Namun bukan itu
sesungguhnya yang dimaksudkan. Wani ngalah sesungguhnya dimaksudkan agar setiap
terjadi persoalan yang menegangkan orang berani mengendorkan syarafnya sendiri
atau bahkan undur diri. Lebih-lebih jika persoalan itu tidak berkenaan dengan
persoalan yang sangat penting.
5.
Isbat
Isbat
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud
racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu ‘pasemon’.
Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg
marang filsafat lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing
ngelmu tasawuf, makripat, filsafat kejawen, utawa idheologi ‘sangkan paran’.
Tuladha:
a.
Golek banyu apepikulan warih
b.
Golek geni adedamar.
c.
Kodhok ngemuli lenge.
d.
Nggoleki galihing kangkung.
e.
Nggoleki isining bumbung wungwang.
f.
Nggoleki susuhing angina.
g.
Nggoleki tapaking kuntul nglayang.
h.
Nggoleki wekasaning langit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar