Jumat, 12 Desember 2014

Tradisi Sewu Ingkung ing Kebumen





TRADHISI SURANAN (SERIBU INGKUNG)
WONTEN ING DESA KUWARISAN, KELURAHAN PANJER, KECAMATAN KEBUMEN, KABUPATEN KEBUMEN

MAKALAH




Oleh
Dwi Asih Setio Utami
(2601413001)
Fiika Nur Ulfatun Khasanah R.
(2601413002)
Dwi Noviyanti
(2601413014)




FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2014
BAB I
PENDAHULUAN
A.    Latar Belakang
Tradisi Jawa yaiku tradisi sing nduweni tata cara kang unik lan sakral, sing nduweni aturan ingkang kudu ditindakake. Sareh dene kuwi maneka warna tradisi sing ana ing Jawa kudu terus dilestantunake lan dibudayakake supaya ora kagusur saka tambah majune jaman. Salah siji daerah sing isih nglestantunake tradisi-tradisi Jawa yaiku kabupaten Kebumen. Kabupaten Kebumen yaiku salah sisjining kota kang ana ing Jawa bagian tengah, kang terkenal nganggo dialek ngapak. Ing kabupaten iki isih kerep dianakake tradisi utawa upacara-upacara adat. Kabeh mau bisa kelakon amarga kabeh lapisan masyarakat melu aktif njaga kabeh tradisi sing di duweni. Saka rakyat biyasa,  kepala tesa, nganti pejabat pamerentahan kabupaten. 
              Salah siji tradisi sing ana ing kabupaten Kebumen yaiku tradisi Suranan ing desa Kuwarisan, kelurahan Panjer, Kecamatan Kebumen, kabupaten Kebumen. Desa Kuwarisan iku manggone ana ing Kebumen pusat, dadi akeh wong sing nyengkuyung tradhisi iki. Tradisi ing desa iki isih terus dilakoi nganti saiki, dadi tradisi iki cocok banget kanggo di tliti luwih jero. Tradhisi suranan iki uga ana aturan lan tata cara sing bisa dirembug, kayata ngenani agama, ekonomi, kaluwarga lan saliya-liyane.
Merga tradhisi iku unik dibanding tradhisi liya-liyane, ndadekake pengin neliti lan nganalisis luwih cermat. Carane nliti kudu mlebu langsung ana ing masyarakat kono supaya luwih cetha, ugi kudu wawancara langsung karo salah sijining warga desa Kuwarisan kono.

B.     Rumusan Masalah
1.      Ana ing ngendi mapane desa Kuwarisan kuwi?
2.      Apa kang diarani tradhisi Suranan (Seribu Ingkung) kuwi?
3.      Kepriye tatacarane tradhisi Suranan (Seribu Ingkung) kuwi?
4.      Apa bae pranata kang ana ing tradhisi Suranan (Seribu Ingkung )?



C.    Tujuan
1.      Supaya ngerti ing ngendi mapane desa Kuwarisan kuwi.
2.      Supaya ngerti apa ang diarani tradhisi Suranan (Seribu Ingkung).
3.      Supaya ngerti kaya apa tata carane tradhisi Suranan (Seribu Ingkung).
4.      Supaya ngerti apa bae pranata sing ana ing tradhisi Suranan (Seribu Ingkung)




BAB II
PEMBAHASAN
A.    Desa Kuwarisan
Desa Kuwarisan mapan ana ing kelurahan Panjer, Kecamatan Kebumen, Kabupaten Kebumen. Kabupaten Kebumen mapan ana ing Jawa tengah bagian kidul, ing pinggir segara kidul. Panggonan kang strategis iki ndadekake Kebumen terkenal awit saka akehe pantai-pantai sing endah. Karukunan ing kebumen taksih dijaga nganthi saiki, ngono uga karo tradhisine. Ing Kebumen taksih akeh tradhisi sing terus ditindakake nganthi saiki. Kaya dene tradhisi sing ana ing desa Kuwarisan.
Desa kuwarisan, kecamatan Kebumen mapane ana ing tengah kabupaten Kebumen, yaiku ana ing pusat pamarentahan, mula akeh warga sing nglestarikake tradhisi iki. Luwih tepate mapan ana ing sawetana kecamatan Pejagoan, lan ana ing sakulone kecamatan Kutowinangun. Ing desa iki wargane rata-rata nduweni pegawean dadi petani, pedagang, uga peternak. Sanajan Kebumen manggon ana ing pinggir segara, naging desa kuwarisan ora manggon ing pinggir segara, mula ing desa iki pra ana warga sing dadi nelayan.

B.     Tradhisi Suranan utawa Tradhisi Seribu Ingkung
Ritual menika dilaksanakake kangge pengetan tokoh ulama Jawa ingkang nyebarake agama islam wonten ing desa mriku, inggih menika Desa Kuwarisan Kelurahan Panjer Kecamatan Kebumen Kebupaten Kebumen. Boten namung mengeti tokoh ulama agama menika kemawon, nanging ugi kangge mengeti wulan syura utawi muharam. Tradisi menika dipunlasanakake dinten jumat kliwon wonten ing wulan syura menika. Menawi boten wonten dinten jumat kliwon wonten ing wulan syura menika, saged dipunlaksanakake dinten jumat pon. Para warga wonten ing desa mriku sami nderek sedaya, inggih menika ingkang muslim, non muslim, warga asli keturunan dukuh menika sedaya wajib nderek kangge nglaksakake tradisi menika. Menawi wonten keluwarganipun ingkang wonten ing luar kota menika uga wajib ngirim arta utawi wangsul kangge nderek tradisi menika.
C.    Tata Carane Tradhisi Suranan
Prosesi ritualipun, nalika jumat enjing para warga sareng-sareng nyembelih ayam jantan utawi jengger ingkang sehat lan boten cacat. Lajeng para ibu-ibu sami masak gulai ayam, nanging ayamipun boten dipuniris-iris, dados taksih wujud ingkung. Nalika masak boten pareng dipuncicipi masakanipun sakderengipun dipun paring donga tahlil sasampunipun sholat jumat kelampahan. Para ibu boten naming damel gulai ingkung kemawon, nanging ugi damel tumpeng lan laukipun. Lajeng tumpeng lan ingkung dipunarak saking Balai Desa dumugi pelataran masjid Banyumudal. Lajeng dipun dongani lahlil dening ulama agama, lan dhahar tumpeng lan ingkung sesarengan.
                    Para warga pitados menawi ritual menika wajib lan kudu dipuntindakake, amargi wonten tradisi menika kangge sarana silaturahmi, saged berbagi kalian yatim piatu lan fakir miskin, kangge perwujudan persatuan manungsa kalian Tuhanipun, ugi kangge ningkataken gizi keluwarga.
D.    Pranata Kang Ana ing Tradisi Suranan
1.      Pranata Agama
a.       Pangan sega lan lauk pitik yaiku kanggo ningkatake Gizi Keluarga (dianjurkan saka agama nang bulan Muharram kanggo pangan panganan sing bergizi ). 
b.      Kanggo-kanggo tumpeng lan Ingkung marang sedulur lan wong sing luwih tuwa lan khususnya marang Fakir Miskin lan anak Yatim Piatu yaiku perwujudane panggawe bekti nang wong sing sepuh (tuwa) mulane sadurung kawacakne doa panganan ora oleh dipangan dhisik, lan bentuk amal sodakoh nang dina 10 bulan Muharram dikongkonke saka agama kanggo ngakehake menehake amal khususnya marang Fakir Miskin lan parayatim Piatu 
c.       Pitik jero kaanan diingkung yaiku filosofi manusia , menawa wong sadurung mungkur alam fana/donya diwajibke nglakoni sholat ben matine jero kaanan Khusnul khotimah (becik perbuatanya lan katampa arwahnya) . 
d.      Warga lan turun teka dhewe menyang masjid dadi bentuk Ikatan kekeluargan lan persahabatan diendi keluarga lan tedak turun sing wis kepisah adoh utawa durung ngenal siji padha liyane dadi nyiji bali lan ngumpulaken balung pisah. 
e.       Ulem-ulem awak para tokoh agama lan masyarakat karo pimpinane pamerentah dadi perwujudan nyiji lan ketemuneumat manusia saka kalangan panguwasa wilayah lan arepa rakyatnya.

2.      Pranata Keluarga

Tradisi mudhun tumurun iki dilakoke warga dakwarisan saben Jemuwah kliwonneng bulan Muharram/Sura. saben keluarga utawa turun asli dusundakwarisan, becik sing neng Kebumen arepa sing neng njaba daerah, nggawetumpeng ingkung. Bahkan ora arang saka dekne kabeh sing ana ing njabadaerah mudik menyang desa halaman kanggo melu ngelingi tradisi singdisakraklan kesebut. yena ora sempat mudik, dekne kabeh menitipkan dhuwit marang sanak keluarga neng desa kanggo nggawekne tumpeng ingkungdhuwur jeneng awake. 
3.      Pranata Ekonomi

Pranata ekonomi yaiku ana gegayutane karo babagan ekonomi kayata  produksi, distribusi lan konsumsi. Warga desa kuwarisan sing manggon ana inga desa kuwarisan utawi sing  manggon ana ing sanjabane desa kuwarisan kudu nggawe  ingkung. Wong sing manggon ana ing sanjabane desa kuwarisan kudu ngirim dhuwit marang kaluwarga sing ana ing desa kuwarisan kanggo digawekake ingkung. Kadangkala wong sing ora nduweni dhuwit kudu nabung ngumpulake dhuwit kanggo nggawe ingkung, merga kabeh kepala keluwarga kudu nggawe ingkung. Ingkung iku di terake menyang mesjid banyumudal. Lan sabanjure di arak, ingkung iku dipangan lan dibagekake menyang wong wong mligine wong-wong fakir miskin.

Kesimpulane Menawa ditlitikanthi cermat, tradhisi surana iki nduweni aturan-aturan utawi pranata ingkang werna-werna. Kabeh tradhisi ana aturane, ngono uga karo tradhisi suranan ing desa Kuwarisan. Kadangkala aturan-aturan iku ora pasa karo kahanane dhewe. Nanging, kabeh aturan iku pancen kudu ditindakake nang saben warga desa kuwarisan lan keturunanae, supaya bisa oleh kabagswarasan saka Gusti Ingkang Maha Agung. Supaya aturan-aturan mau bisa tetep mlaku, seben wong kudu ngilangi rasa egoise dhewe-dhewe, lan kudu nduweni rasa tepo slira.




BAB III
Hasil Wawancara

Hasil Narasumber dengan Salah Satu Penduduk :
Identitas Narasumber
Nama           : Muthoharoh
TTL              : Kebumen, 15 Februari 1972
Alamat         : Panggel,Panjer,Kebumen
Jabatan         : Warga Desa Panjer yang sekarang menetap di Desa Gadungrejo

1. Siten asmanipun ibu? 
2. Wiwit kapan ibu ngertos utawi ningali tradhisi suranan punika? 
3. Miturut pamanggih ibu, punapa ancasipun warga Kuwarisan ngawontenaken tradhisi punika? 
4. Kapan masyarakat desa Kuwarisan ngawontenaken tradisi suranan? 
5. Punapa  alasanipun masyarakat nindakaken suranan wonten ing Masjid Banyumudal mriki? 
6. Kados pundi prosesi tradisi punika? 
7. Sinten mawon ingkang ndherek tradhisi punika?
8. Nilai utawa guna punapa ingkang saged dipun pundhut saking tradhisi punika? 

Jawabane     :
1.    Muthoharoh.
2.    Wis suwe, pas aku cilik tradisi kie wis ana nang kene. Dadi masyarakat mung gari nglestarekna bae.
3.     Ritual kie dilaksanakna kanggo pengetan tokoh ulama Jawa sing nyebarna agama islam nang aring desa kie, yakue Desa Kuwarisan Kelurahan Panjer Kecamatan Kebumen Kebupaten Kebumen. Ora kur  mengeti tokoh ulama agama kue, ning  ugo kanggo mengeti wulan syura utawa muharam.
4.    Tradisi kie dilasanakna dina jumuwah kliwon nang aring wulan syura kie. Nek nang aring wulan syura ora ana dina jumuwah kliwon, bisa diganti dina jumuwah pon..
5.    Merga Masjid Banyumudal kie yaiku  masjid pertama sing dienggo Syekh Ibrahim Asmara Kandi kanggo nyebarna agama islam.
6.    Prosesi rituale yaiku, nalika jumuwah esuk para warga bareng-bareng nyembelih ayam jantan utawa jengger sing sehat lan ora kena cacat. banjur para ibu-ibu pada masak gulai ayam, ning ayame ora kena diiris-iris, dadi taksih wujud ingkung. Nalika masak ora kena dicicipi masakane sadurunge disongani kanthi maca tahlil sawise sholat jumat kelampahan. Para ibu uga ora mung gawe gulai ingkung tok, nanging uga nggawe tumpeng lan lawuhe. Banjur tumpeng lan ingkung diarak sakang Balai Desa tekan pelataran masjid Banyumudal. Banjur didongani tahlil nang aring ulama agama, lan dhahar tumpeng lan ingkung bareng-bareng.
7.    Sing melu ngramekake acara kie yaiku kabeh warga desa Kuwarisan Kelurahan Panjer, ora kejabayaiku warga Dusun Kuwarisan Kelurahan Panjer. Awit saka wong muslim, non muslim, wong tuwa, wong enom, gedhe, cilik, warga asli, warga pindhahan, nganti warga kuwarisan sing manggone ora ing desa kuwarisan.
8.     Awit saka dianakake tradhisi kie, bisa ngraketna tali silaturahmi antarane warga desa Kuwarisan. Warga sing maune ora tau ketemu siki bisa ketemu nang mesjid banyumudal. Fakir miskin sing maune jarang mangan enak, siki bisa mangan enak saka pembagian ingkung mau. Kejaba kue tradhisi suranan kie uga bisa tetep lestari.






            


Tidak ada komentar:

Posting Komentar