GEGURITAN NGAPAK
kadang nyong
sing ditekani rasa wedi..
apa kudu mlayu..
umpetan ng keleke waktu..
padahal kwe kudu diadepi..
padahal kwe kudu dilakoni..
rasa mangmang sing kadang ngampiri..
misiki ning kuping kiwa..
apa kudu iya apa kudu ora..
sewu prasaan mangmang karo wedi..
akhire tak taleni dadi siji..
tak balangna kentir ning kali..
seminggah sing adoh hei perasaan wedi..
seminggah sing adoh hei perasaan mangmang..
urip kudu diadepi..
urip kudu ditaklukkan…..
apa kudu mlayu..
umpetan ng keleke waktu..
padahal kwe kudu diadepi..
padahal kwe kudu dilakoni..
rasa mangmang sing kadang ngampiri..
misiki ning kuping kiwa..
apa kudu iya apa kudu ora..
sewu prasaan mangmang karo wedi..
akhire tak taleni dadi siji..
tak balangna kentir ning kali..
seminggah sing adoh hei perasaan wedi..
seminggah sing adoh hei perasaan mangmang..
urip kudu diadepi..
urip kudu ditaklukkan…..
2.
PENGAREPAN
ning matane kowen ana sergenge..
madangi ati-ati kiye..
pengarepan sINg wis mati separo..
merga “stroke”
diantem watu2 sing nyumpel dalane getih penguripan..
merga kelangan sINg dicolong paksa..
lendek2 “ati-ati” sg gelem ngadeg..
dejak mlaku alon2..
dituntun kowen..
ngliwati ademe udara sing ngresiki paru-paru
“sing wis bebel merga kakeyan nyedot mambune “polusi…”
tumplekane gas hasil serakahe menungsa….
3. SEDULUR
LANANG TUWA
sanajan nyong belih bakal kober…
tak belek waktu nggo nemoni rika…
khusus nggo rika..
sedulur lanang tuwa…
sing bakal tak panggul ning gegere nyong…
kasih sayange rika sing umeb ning getih…
dadi pangeling…
waktu nyong lara…
waktu nyong dadi gedibal…
rika sing ngreyok nyong…
rika sing ngekepi nyong…
sedulur lanang tuwa sing nglorod luh banyu matane nyong…
nyong ning kene kepengin ngambung tangane rika…
4. KAYALAN (rifki)
angen-angen sing klendangan..
nongkrong ning pucuk-pucuke uwit..
kepengin nyengget wulan..
kepengin nyengget lintang..
ujug-ujug ngedeblug..
nyong sing keplesed..
nyong sing tiba..
nyong sing ning kene njengkangkang..
nyong sing isin karo lemah..
atine nyong pecah kaya talawengkar..
5. KREKELAN
ning ngisore jaman..
menungsa sing diedek-edek..
menungsa sg pada krekelan ning uwit atine jaman..
nyengget manise uwohe kasih sayang..
kasih sayange jaman..
tapi udan barat karo gludug sing ngampar2..
nglorod sikil-sikil sing lagi krekelan..
uwoh sing akhire ora bisa ke unduh..
tetep kleleran..
tetep diedek-edek..
jaman sing pancen ora tau bala ..
dadi musuh selawase….
6. BALEN
hai, sewu kenikmatan..
tulung kandakna nyong
apa sih artine “selingkuh”…
lan kowen hei “bahagia”
tulung kandakna maring nyong
apa sih artine “kesetiaan”
wahai bengi..
wahai wulan..
kowen nekakna mene remeng-remeng..
karo semriwinge angin..
ngejak nyok ngglegek pirang-pirang ewu nikmat..
wahai awan,
wahai serngenge,
kowen nyeteter semelete kulit
ning padange atui ngelingna nyong
pancen ana wong sing dilelara
7. KANGEN
ning endi kangen kiye pan tak benahi..
ari rasa wis ora bisa dejak umpetan..
kowen sing lunga kegawa angin ora gelem dejak balik..
lawang kiye saprene megin ngeblag..
megin ngeblag..
nyong ngadeg ning kene..
ning watese batin sing keronto-ronto..
ngenteni kowen..
…… ngenteni kowen………
8. GEDIBAL
ati sing lagi sutang ndempes ning empere bengi..
kelingan jaman semana..
angin sing ujug-ujug marani nggawa atis,
ninggil-ninggil awak sing lagi ledreg..
krasane tekan balung..
ya tekan nganti balung..
sing tau mentiung ora kuwat nggo mlaku..
ora kuat nggo apa2..
nyong sing lagi dadi gedibal..
dibalangna..
dipuntir-puntir..
didoni…
diedek-edek ning njerone jaman..
waktu kuwe…
waktu nyong mati nang sajerone urip…
9. TAREKAT
blajar mlaku ning nduwure dalan sya’reat..
brangkangan..
ketingklangan..
kesrimped-srimped..
batuk sing nempel ning sajadah..
nunggu kabar sing istighfar..
mursyid tulung jejegna mlakune nyong..
nyong njaluk ijazah..
10. RAHASIA
ATI
raine kowen sing tak selagna ning lorogan ati kiye..
tak umpetna rapet-rapet..
mbuh mbangkana bakale kepriben..
kaya kemricike banyu sing mili,
iramane ati sing tak jorna..
kowen sing ning kana..
nyong belih bisa apa-apa..
nyong mung bisane meneng..
kaya watu sing ditukuli lumut,
sing tukule langka sing nandur..
mbrabah sekarepe dewek..
kaya raine kowen sing tak selagna ning lorogan ati kiye..
tak umpetna..
embuh sampe kapan….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar