Selasa, 06 Januari 2015

Analisis Cerkak pada Morfem Nonmurni





 


Tugas Akhir Semester Morfologi Lanjut Bahasa Jawa
Analisis Cerkak

Dosen Pengampu :
Ermi Dyah Kurnia, S.S., M.Hum.

oleh :
Dwi Noviyanti           
2601413014


JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
Kembang Api Gawe Jengkel

Swara manuk padha saut-sautan nang nduwure langit kang saya padang kana srengenge sing nembe tangi saka turune. Mibar miber katon endah disawang nang saben wong sing liwat. Wit-witan padha ngulet kena angin kang sumilir nang esuk iku. Wong-wong padha mlaku-mlaku kanggo olahraga sikil lan menikmati dina prei cuti bersama. Aku karo telu kancaku melu mlaku-mlaku uga neng esuk kuwi. “mengko dolan yuh cah papat, padha gelem ra ?” Budi takon marang bocahan. Kabeh sibuk dewek karo HPne, “aku emoh lah, lagi langka duwit” Lina semaur. “emang dolan kudu nganggo duwit ya ?” Iqro nututi ngomong. Aku meneng wae ora melu nanggapi omongane Budi mau.
Ora krasa wong papat mau wis mlaku adoh saka umahe, banjur padha ngaso nang pinggir dalan karo ngelanjutake omong-omongan sing mau. Kabeh padha njagong slonjor ngeler beyekan, merga kesel tes mlaku adoh. Srengenge katon laju menduwur, para tani padha mangkat sawah. Simpang siur wong liwat ora ditanggapi nang wong papat mau. Kabeh asik crita disambi dolanan HPne. “iki deleng cah aku olih SMS saka kancaku, wacanen iki loh, haha” Lina nidoke HPne karo ngguyu ngakak. Aku maca SMS kuwi kanthi banter “jalan apa sing gawe wong galo?”jawabane “jalan-in saja dulu”. Kabeh pada ngguyu maca SMS nang HPne Lina mau.
Sawise ngaso suwe wong papat mau padha bali umahe dhewe-dhewe langsung padha adus siap-siap arep dolan maring Pante Menganti sing ana nang Kebumen. Jam dinding nunjukake wis jam tengah sepuluh. Bocah papat mau padha kumpul nang umahe Budi, umahe Budi biasa kanggo ngumpul-ngumpul bocah papat mau. Soale bocah papat mau wis batiran awit cilik nganti gedhe, selalune angger lunga dolan bareng terus. Wis kaya keluarga kaya kakang adhi padha akure. Aku, Lina, Iqro bengok-bengok nang ngrep umahe Budi supaya Budi ndang metu dadi gutul pante ora kawanen. Perjalanan maring Pante Menganti kira-kira mbutuhake wektu rong jam setengah, merga adoh dadi padha mangkat gasik. “ayuh capcus mangkat, aku mbonceng ya.” Aku ngajak ndang mangkat. Banjur padha mangkat, aku mbonceng Iqro lan Lina mbonceng Budi. Nang dalan padha omong-omongan wae supayane sing nyetir ora keselen lan ora ngantuk merga perjalanan adoh.
Jam 12 gutul nang Pante Menganti, motor diparkirake nang parkiran lan cah papat langsung maring pante. Seneng rasane wis gutul pante ya walo kesel nang perjalanan. “ayuh dolanan banyu aja padha ngelu kesel wae, nek dolanan kan kesele ilang, ayuh poto bareng.” Aku narik tangane Budi karo Iqro sing keselen tes nyetir motor. Banjur kabeh padha bengok-bengok ngetokake unek-unek sing ngganjel nang atine. “aku bebas, aku seneng, aku teyeng liburan !” swarane Budi mbengok-bengok banter kaya toa nang masjid. Bocah papat padha ngguyu bebas banget nang pinggiran pante kuwi. Lina nangis seneng mergane bar putus karo pacare lan esih ana batir kang peduli marang dheweke. “aja ana nesu-nesunan antara dhewek cah papat pokoke, dewe senasib seperjuangan, seneng susah kudu dirasakna bareng-bareng.” Aku ngajak rangkulan kabehan.
Ora krasa wis 4 jam dolanan nang pante, banjur padha golet panganan karo sisan bali. Saka Kebumen jam 4 mampir mangan, gutul umah bar maghrib. Awak kesel tembe bali aku langsung dikongkon njujugna mama karo adhiku marang Alun-alun Purbalingga, jare arep taun baruan. Aku nembe  sadar nek siki tanggal 31 Desember 2014, berti malem taun baru. Bener wae tanggane sing padha duwe anak cilik padha geger njaluk marang Alun-alun tuku trompet karo ndeleng kembang api. Aku banjur SMS kanca-kancaku sing mau lunga dolan bareng maring pante. “iki malem taun baru ya, nonton kembang api bareng yuh ?” SMS ku marang Lina, Budi, Iqro. Wong telu padha njawab “aku arep lunga dewek karo pacarku, ngapurane wae ya nov.” “aku wis janjian karo kanca kerjaku arep bakar-bakaran ayam nang umahe.” “aku lunga karo mamake karo adhine taun baruane, ngapurane ya.” Aku kecewa marang kanca-kancaku, aku banjur golet kanca sing bisa dijak taun baruan. Bareng wis olih dinteni ora teka-teka gole njemput aku.
Saiki wis jam 10 wengi aku urung uga dijemput, kanca kenalanku kuwi banjur tak telpon mastikake sida lan orane taun baruan karo aku. Bareng ditelpon malah wonge lagi lunga karo kanca-kancane. Atiku mangkel, wis dandan gari mangkat taun baruan malah kur dilombo nang wong. Akhire aku wis pasrah,wis ora ngarep-ngarep nonton kembang api nang malem taun baru kuwi. Aku langsung mlebu umah lan mapan turu nang kamar. Wis lagi arep merem ana sing SMS ngajaki tonton kembang api, jebul sing SMS Iqro. Aku sing lagi emosi merga dilomboni, langsung wae SMSe Iqro tak jawab “emoh”. Iqro bingung marang aku, mau ngajak nonton giliran aku ngajak jawabe emoh. Iqro tetep maksa aku kon nonton kembang api bareng karo deweke. Aku ditelponi wae, akhire kepeksa aku semaur gelem karo ati esih mangkel.
Ora suwe Iqro wis nang ngrep umahku, tapi aku esih nang njero lan urung ganti klambi. Soale aku wedi menawa dilomboni maneh. Aku metu nemoni Iqro karo rai sing esih emosi. “aja jengkel wae, wis ayuh dandan lunga nonton kembang api mumpung esih jam 11.” “iya” aku semaur karo mrengut ninggalna Iqro mlebu umah kanggo ganti klambi. “senyum disit ngko ayu.” Iqro ngledek aku. Aku banjur lunga marang alun-alun. Dalane macet merga wonge padha metu kabeh ngerayakaken malem pergantian taun karo motoran muter-muter. Gutul alun-alun pas jam 00.00, kembang apine padha ditabuh saut-sautan swarane.



Analisis Cerkak yang Termasuk Dalam Morfem Nonmurni :

Kelas Kata
Makna
Bentuk
Contoh
Nomina de verba
Saling
DL-an
Saut-sautan
Adjektiva de adverbial
keterangan
N-L-e
Nduwure
Nomina de verba
Sifat
Di-L
Disawang
Nomina de adjektiva
Merasa
Um-L
Sumilir
Adjektiva de verba
Menyebabkan
N-L-i
Nanggapi
Nomina de verba

N-L-ake
Ngelanjutake
Verba de verba

Di-L-i
Ditanggapi
Verba de adjektiva
Membuat
N-L
Ngguyu
Verba de adverbial
Keterangan
N-Lake
Nunjukake
Nomina de verba
Pelaku
L-an
Batiran
Verba de adjektiva
Sangat
N-L
Nganti
Adjektifa de verba
Terlalu
Ka-L-en
Kawanen
Verba de adverbial

N-L-ake
Mbutuhake
Nomina de numeralia
Satuan
Sa-L
Setengah
Adjektiva de adverbial
Keterangan
N-L
Mbonceng
Verba de adjektiva
Menunjukan
DL-an
Omong-omongan
Verba de nomina
Melakukan
N-L
Nyetir
Verba de nomina
Tempat
Di-L-ake
Diparkirake
Verba de nomina
Tempat
L-an
Parkiran
Verba de nomina
Tempat
L-an
Dolanan
Adjektiva de verba
Sebab
N-L
Ngganjel
Adjektiva de nomina
Seperti
N-DL
Mbengok-bengok
Adjektiva de adverbial
Keterangan
L-an
Pinggiran
Verba de adjektiva
Sebab
Di-L
Dirayakna
Nomina de adjektiva
Ajakan
L-an
Rangkulan
Verba de adjektiva
Menunjukan
L-an
Panganan
Verba de nomina
Melakukan
Di-L
Dikongkon
Verba de nomina
Melakukan
N-L-na
Njujugna
Nomina de verba
Milik
DL-ku
Kanca-kancaku
Nomina de adjektiva
Pelaku
N-L
Ndeleng
Nomina de verba
Hasil
DL-an
Bakar-bakaran
Verba de adjektiva
Menunjukan
N-L
Njemput
Verba de adjektiva
Menunjukan
L-an
Baruan
Nomina de verba
Milik
N-DL
Ngarep-arep
Verba de adjektiva
Sebab
Di-L-i
Dilomboni
Verba de adjektiva

N-L-na
Ninggalna
Verba de adjektiva
Sebab
N-L-ake
Ngerayakake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar