ANALISIS
MORFEM DALAM CERPEN “SLIRAMU”
Disusun
guna memenuhi tugas akhir mata kuliah Morfologi Lanjut Bahasa
Jawa
Dosen
pengampu :
Ermi Dyah Kurnia
oleh
Dani
Prihastuti
2601413011
Rombel
1
JURUSAN
BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS
BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2015
Sliramu
“Kowe
iso tanpa aku dhik.” Mas Han ngomong lan telpun mati.
Aku
lemes. Eluhku ora iso dibendung maneh. Atiku kesayat-sayat, perih. Aku ora iso
trima iki kabeh. Aku salah apa ? aku kurang apa ? apa sliramu wes ora tresna
marang aku ? apa ana Kenya liyan kang wes ngrebut atimu ?. Wengi kuwi aku mung
iso nagis sesenggukan ana ing kamar.
Aku
esih kelingan nalika setaun kepungkur wingi. Sliramu teka saka reuni SMP
sekolah. Waktu semono aku pangling weruh cah lanang kang duwur gering,
pasuryane bagus nganggo klambi necis banget. Jebul iku mas Han, wong sing tak
tresnani aku nalika SMP biyen. Aku mung bisa nyawang kang adohan. Ora nyana aku
iso bisa kenal Mas Han maneh ing acara iki. Pancen nek wong jejodhohan ora
bakal lunga endi-endi. Mulih saka reuni iku aku tansah kelingan Mas Han.
“Duh
, aku iki lagi kena penyakit apa tho ?, saben wengi kok ora iso turu “. Aku
batin dhewek.
Aku
mung iso mikir nanging ora ngerti masalah sing dipikir kuwi apa. Lagi
bingung-bingung mikir ana swara sms mlebu. Jebul Mas Han , aku jimprak saking
senenge, aku lan Mas Han smsn nganti esuk ,lan Mas Han ngajak ketemuan dina
minggu ana ing taman Bale Kemambang. Dina minggu esuk aku wes ora karu-karuan.
Tangiku kawanen lan aku bingung molih-milih klambi kang pantes kanggo ketemu
Mas Han. Ibu ning umah nganti yo pada wae bingunge. Aku janjian jam 9 karo Mas
Han. Aku cus lunga marang Bale Kemambang. Mas Han wis sms yen dheweke wes nang
rana, ning bangku sisih lor. Mas Han dina iki nganggo kalmbi sante lan ora
ngurangi pasuryan kang bagus iku. Atiku makdegdegserrr ora karuan.
“Dhik
Bunga.” Mas Han ngundang aku.
Aku
banjur mlaku nyedhaki Mas Han. Atiku sangsaya degdegser ora karuan. Aku kemringet
adem. Aku lungguh ana ing sandinge Mas Han .
“Piye
kabarmu dhik?” Mas Han mbuyarke lamunanku,
“Apik
wae mas, mas dhewe ?” pitakonku.
“Aku
yo apik wae, eh jare saiki kowe kuliyah ning Semarang tho ? jurusan apa tho dhik
?” pitakone Mas Han maneh.
“Jurusan
Bahasa lan sastra Jawa mas.” Wangsulanku.
Aku
lan Mas Han kandhahan ngalor ngidul ngetan ngulon. Saiki aku wes iso
ngendalikna awakkku dhewe. Jebul Mas Han wong kang penak digawe obrolan. Ora
suwe aku pamit mulih karo Mas Han, ana rasa kecewa kang kesirat ana ing
pasuryane Mas Han. Aku kudu bali merga aku wis ana janji ngancani ibu
kondangan. Nembe tekan omah ana swara hp muni. Ana tilpun kang Mas Han.
“Piye
dhik ?”, wes tekan omah ?” takon marang aku.
“Sampun mas, iki nembe wae.” Tak jawab. Banjur telpun
dipateni. Aku bingung masa ana wong
sing kaya ngunu. Ah..ora dipikir.
Dina
dinaku wes ora tau sepi maneh Mas Han, sering telpun aku, ngomong mrana mrene.
Wektu aku Ning Semarang pun Mas Han sering tilpun aku, ra ana bosen-bosene.
Malahan telpunan nganti subuh dilakoke. Ora dipungkiri atiku bungah banget
rasane, nalika Mas Han tilpun aku, Mas Han iso dadi panglipur lara nalika aku
lagi nelangsa. Ana rasa kang durung iso diungkapke. Tresna jalaran saka kulina.
Ya mangkono bener, iki sing lagi tak alami dhewe, istilah cah enom jaman saiki
yaiku jatuh cinta. Jatuh cinta pandangan pertama iki judule. Pasuryane Mas Han
ora iso ilang kang pikiranku. Katresnanku marang Mas Han sangsaya ora iso
diganggu, aku yakin Mas Han jodhoku.
Dela
maneh ana libur natal lan tahun baru. Aku mulih menyang Purwokerto, berarti iso
ketemu Mas Han. Senengku ora jamak. Slama iki jarak kang misahke aku lan Mas
Han. Kaya biasa, Mas Han njaluk ketemuan nalika aku lagi ning Purwokerto, lan
aku ora mungkin nolak. Dina iki Mas Han ngajak dolan marang wisata alam
Baturaden, aku manut. Jam 11 aku dijemput Mas Han. Dhewek marang Curug Gede
Baturaden, atiku durung iso dikondisikne. Rasane iku kaya nano-nano ora rupa.
Aku mbayangke nalika Mas Han, ngomongke babagan masalah ati, aku dadi penasaran,
Mas Han iku tresna marang aku apa ora.
“Dhik..”
Mas Han ngundang aku. Aku kaget. Lamunanku buyar.
“Eh,
iya mas.” Wangsulanku.
“Dhik..aku
pengen karo koe”. Omonge Mas Han. Atiku serseran ora karuan. Aku sangasaya ndadi bingung. Apa sing mesthi
dilakoke. Batinku kalut tenan.
“Dhik,
sliramu kebayang trus ning pikiranku, rasane nggo mangan wae ora kuwasa, esuk
sore wengi aku mikirke kowe, atiku ngrasa nyaman, bungah nalika aku lagi karo
kowe. Gelem ora kowe dadi sigaring atiku?” Mas Han ngomong karo nyekel
tanganku.
Spot jantung. Rasane aliran getihku lewih banter ora
kaya biasane. Metu kringet adem. Aku gugup. Atiku tansah bungah ana
kembang-kembange. Aku wis ra iso ngucap apa-apa maneh. Jebul tresanku iki ora
mung sebelah tengen, Mas Han juga tresna marang aku. Dina dinaku saiki lewih
berwarna dibandingke karo dinaku sakdurung iki. Mas Han saiki dadi sisihane
atiku. Mas Han pujaan hati kang wis mesthi. Kita njalani hubungan iki tanpa beban
apa-apa. Aku nglakoni hubungan iki ngaggo ati kang iklas. Hubungan jarak jauh
ora dadi perkara, aku percaya Mas Han lan Mas Han percaya aku. Saben malam
minggu Mas Han telpun aku, dhewek crita babagan kegiyatan masing-masing lan
liya liyane. Mas Han dudu tipe lanang sing romantis, nanging tindakane Mas Han
marang aku marai aku makin cintrong. Ngimpi apa aku iso karo Mas Han. Mas Han
iku biyen salah siji bocah kang dadi primadona ana ing SMP.
Ora krasa hubunganku karo Mas Han wes ana setaun suwene.
Perkara-perkara kang dialami wong sesambungan kuwi mesthi ana. Kadang masalah
cilik ananging dadi gedhe urusane. Tuladhane misal aku suwi bales sms, Mas Han
nesu karo aku. Nanging nalika ketemu masalah kang kudu dirampungake malah ora
sida dirampungake, dhewek kaya ora ana perkara blas.
Lagi semono masa-masa kang gawe tekanan batin. Mas
Han mangkelake aku tanpa ana rasa salah. Aku meh UAS, sawetara dina Mas Han
ketok cuek marang aku, kaya ora preduli karo aku. Sms jarang dibales,ditelpun
ora diangkat. Kabeh cara wes dilakoke, anaging Mas Han kaya ora obah tanpa
swara. Rasane atiku sepi tenan. Ora ana kang gawe gemuyu rina wengi. Tak
sendhok panganan ana ing ngarepku, nanging aku ora niyat mangan. Ora ana kang
gawe ayeme ati maneh.Saben wengi aku tansah dedonga marang Gusti, yen pancen
jodhoku ya dicedhake, yen dudu jodhohe aja katerusan kaya ngene. Pasrah. Iku
kang iso aku lakoni. Aku wes ora njaluk seng muluk-muluk. Aku kesel yen di
ngeneake trus, tanpa ana omongan omongan kang Mas Han. Duh Gusti paringono
sabar kaliyan kula.
Sore sore wes udan gedhe.Mungkin iki pratanda. Atiku
mule ora kepenak. Ana swara hp mlebu. Ing layar ana tulisan Mas Han. Mas Han
telpun. Nanging pangrasaku ora kaya maune. Aku biasa wae nrima tlepun kang Mas
Han.
“Hallo dhik” swara Mas Han kang tlepon.
“Iya Mas, “ Jawabku.
“Dhik,
ngapurane aku wes ra ana kabar pirang dina iki, aku sibuk dhik, muga kowe
ngapuraake aku dhik “ Swara Mas Han lirih.
“iya
mas , aku ra papa, yo aku ngerti kesibukanmu mas.” Wangsulanku maneh.
“Dhik..rasa-rasane
aku ra iso nglanjutke iki kabeh. Aku wedi yen mengko akhire gawe kowe lara ati.
Aku ra pantes kanggo sliramu dhik. Aku esih tresna esih sayang marang sliramu,
nanging aku siki seje. Ora iso kaya biyen maneh. Kowe iklas kan nrima iki kabeh
? Kowe iso tanpa aku dhik.” Mas Han ngomong lan telpon mati.
Bak disamber gledeg, aku ra percaya iki
kabeh. Kenangan-kenangan kang wes diukir endah, rusak amung gawe perihe ati,
nyayat ati. Ora nyana bakal kaya ngene kedadeane. Ana ing njero atiku aku
durung iso nrima kahanan iki kabeh. Pungkasane Mas Han sisihan atiku saiki
amung dadi kenangan. Kenangan endah kang ra iso dilaleake. Aku mung iso dungo.
Jodho sapa kang bakal ngarti. Dhewek iso jejodhohan yen Gusti ingkang Maha
Agung ngersani. Sliramu esih ana ing atiku. Nek kowe bakal balik marang ati iki
esih bakal tak tampa.
Analisis
1.
Nomina
de adjektival
Makna
|
Bentuk
|
Contoh Kalimat
|
Sebab
|
PaN-L
|
Mas Han iso dadi panglipur lara nalika
aku lagi nelangsa.
|
2.
Adverbia
Transposisi (sifat,kerja.benda,bilangan)
Makna
|
Bentuk
|
Contoh Kalimat
|
Menyebabkan
|
NL-ake
|
Mas Han mangkelake aku tanpa
ana rasa salah
|
Penentu
|
L-e
|
Pungkasane
Mas Han sisihan atiku saiki amung dadi kenangan.
|
Terlalu
|
ke-Len
|
Tangiku kawanen lan aku bingung
molih-milih klambi kang pantes kanggo ketemu Mas Han.
|
3.
Pronomina
Demonstratif Diskriptif
Makna
|
Contoh Kalimat
|
Jarak dekat
|
Ora nyana bakal kaya ngene
kedadeane.
|
4.
Numeralia
Pokok Taktentu
Makna
|
Contoh Kalimat
|
Jumlah tidak tentu
|
sawetara dina
Mas Han ketok cuek marang aku, kaya ora preduli karo aku.
|
5.
Pronominal
Persona/Purusa
Makna
|
Contoh Kalimat
|
Katagantiorang/Madyana purusa
|
apa sliramu wes ora tresna
marang aku ?
|
6.
Verba
de nominal
Bentuk
|
Contoh Kalimat
|
N-L
Tak-L
|
Aku kudu bali merga aku wis ana janji ngancani
ibu kondangan
Tak sendhok
panganan ana ing ngarepku, nanging aku ora niyat mangan.
|
7.
Nomina
de verbal
Makna
|
Bentuk
|
Contoh
|
Milik
|
di-L-e
|
Nanging
nalika ketemu masalah kang kudu dirampungake
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar