Tradisi Mimiti
Tradisi mimiti kuwe tradisi slametan seurunge panen pari. Para warga neng desa Kerangtengah meh kabehan pada nglakoni tradisi kue. Dianakake tradisi kuwe kanggo rasa syukure para warga marang Gusti Allah, merga wis diparingi kenikmatan sing berupa sawah kanggo mata pencahariane para warga sing ana neng kana.
Para ibu rumah tangga pada ngrewangi gawe tumpeng maring umahe sing arep nganakake slametan panenan kuwe. Tumpeng sing digawe biasane isine jangan tempe, mie, semur endog, kluban, lan rempeyek. Sauwise tumpeng dadi, terus para warga tangga umah padha diundang marang umahe dikon melu tumpengan. Tumpenge dibagi loro, sing siji kanggo dipangan para warga, lan sing sijine digawa maring sawah duweke sing nganakake slametan kuwe. Sing digawa maring sawah ora kur tumpeng kuwe mau, nanging ana ubarampe liyane yaiku ana dawegan ijo, ndas ayam Jawa, lan rokok sebatang. Sedurunge ubarampe mau digawa maring sawah didongani disit neng sesepuh sing ana neng desa kuwe. Sawise didongani ubarampe mau digawa maring sawah disogna nang pojokan sawah. Ngesog ubarampe mau kue pas wayah awan, lan tumpengan slametan dilakokake pas wayah wengi, biasane ba'da isya. Neng acara slametan juga nekakake kyai kanggo dedonga bareng-bareng.
Kuwe mau salah siji tradisi sing ana neng Desa Karangtengah sing bisa tek jlentehna. semoga bermanfaat kanggo para pembaca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar