Sabtu, 29 November 2014

Kesenian Banyumasan


Kenthongan


Kenthongan kuwe salah siji kesenian sing ana nang Banyumas sing digawe sekang pring sing dibolongi pinggirane. Jaman gemiyen kenthongan kuwe dienggo nggo alat komunikasi lan woro-woro nang masarakat sekitar banyumas. Contone nek nabuh sepisan-sepisan kuwe nggo tanda angger ana sing kemalingan, nek ping loro-loro tandane ana kebakaran, lan esih akeh cara nabuh sing liyane maning.

Kenthong kuwe akeh wernane, ora kur digawe sekang pring tok. Nek sing digawe sekang pring kuwe neng saben umah mesti duwe, sing gunane kanggo komunikasi lan woro-woro kuwe mau. Ana juga kenthong sing digawe sekang kayu, biasane kenthong sing digawe sekang kayu kuwe anane neng langgar utawane neng mesjid sing panggonane jejeran karo bedug. Gunane kenthong neng langgar kuwe ya nggo aweh kabar angger wis mlebu wektu shalat.

Nanging kuwe gemiyen saurunge ana listrik dadi nganggone kenthong. Siki kan wis jaman modern, teknologi wis maju, wis ana listrik, dadi kenthong wis udu maning dinggo go komunikasi nanging dinggo go alat hiburan. Supaya melodine tambah apik dadi kenthong ditambahi alat musik liyane yaiku ana angklung, calung, suling, bas sing digawe sekang tong sing ditutup njeroan ban bekas mobil, lan ditambah ketipung. Jumlah pemain kenthongan segrup biyasane wong rong puluhan, sing paling akeh sing bagian nabuh kenthong, kan kenthong akeh variasi nabuhe dadi mbutuhake wong akeh kanggo segrup. Men kepenak dirungokna, mula kenthongan dipimpin nang rong mayoret padha kaya neng drumband. Klambi sing dingo biasane klambi tradisional. Nang grup kenthongan ana penarine juga men sing ndeleng padha ora bosen. Lagu iringan sing biasa dimainake biasane lagu tradisional utawa lagu dangdutan.

Kenthongan biasane dianakna kanggo hiburan nang acara hajatan utawa neng upacara-upacara resmi. Kadang juga dianakna lomba kenthongan, tampil nang festival-festival angger ulang taun kota juga.


Selasa, 25 November 2014

TRADISI

Tradisi Mimiti

Tradisi mimiti kuwe ana neng desa Kerangtengah, Kecamatan Kemangkon, Kabupaten Purbalingga. Desa Karangtengah jarake kira-kira 10km saka kota. Salah sijine desa sing ana neng Purbalingga sing kurang terkenal nang wong-wong. Akeh tradisi sing ana nang kana, salah sijine yaiku tradisi mimiti.

Tradisi mimiti kuwe tradisi slametan seurunge panen pari. Para warga neng desa Kerangtengah meh kabehan pada nglakoni tradisi kue. Dianakake tradisi kuwe kanggo rasa syukure para warga marang Gusti Allah, merga wis diparingi kenikmatan sing berupa sawah kanggo mata pencahariane para warga sing ana neng kana. 

Para ibu rumah tangga pada ngrewangi gawe tumpeng maring umahe sing arep nganakake slametan panenan kuwe. Tumpeng sing digawe biasane isine jangan tempe, mie, semur endog, kluban, lan rempeyek. Sauwise tumpeng dadi, terus para warga tangga umah padha diundang marang umahe dikon melu tumpengan. Tumpenge dibagi loro, sing siji kanggo dipangan para warga, lan sing sijine digawa maring sawah duweke sing nganakake slametan kuwe. Sing digawa maring sawah ora kur tumpeng kuwe mau, nanging ana ubarampe liyane yaiku ana dawegan ijo, ndas ayam Jawa, lan rokok sebatang. Sedurunge ubarampe mau digawa maring sawah didongani disit neng sesepuh sing ana neng desa kuwe. Sawise didongani ubarampe mau digawa maring sawah disogna nang pojokan sawah. Ngesog ubarampe mau kue pas wayah awan, lan tumpengan slametan dilakokake pas wayah wengi, biasane ba'da isya. Neng acara slametan juga nekakake kyai kanggo dedonga bareng-bareng.

Kuwe mau salah siji tradisi sing ana neng Desa Karangtengah sing bisa tek jlentehna. semoga bermanfaat kanggo para pembaca.

Senin, 24 November 2014

Sastra

"Mbarang"

Dening : Dyan Animatya Soer



Bocah cilik manis, kakang adhiRuntang-runtung nyang endi-endiNyangking angklung saka bumbungMlebu lurung metu lurung 
Bocah cilik manis kedhana-kedhiniRuntang-runtung mbarang saparan-paranNgupa-boga nyambung panguripan sadulitanNambal nistha sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi 

Nembangi lagu-lagu, memelasiMbukak babad ngenesi atiKoncatan bapa biyung dheweke tininggal keri
Bocah cilik manis kedhana-kedhini Runtang-runtung nyang endi-endiDina-dina uripe kaliput ayang-ayangane mega
             (1959)