GARUDA PUTIH
Dening : Suparto Brata
Garuda Putih yaiku durjana kang
kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel
banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging
dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan
Kadurjanan keri dewe kang dilakokake
dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih.
Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana
ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha
kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen
kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel
Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda
Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane
Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan dening Garuda Putih
kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi
digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat
pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang
bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong
wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi.
Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya.
Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati
tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran
wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono
kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana
ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi
tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane
kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda
Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang
disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten
Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang
diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane
Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening
detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah
perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara
Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel
Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno.
Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih
kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi
sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga
durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.
Kesimpulan dari cerita garuda putih adalah
BalasHapus